--> Skip to main content

Latihan Soal PAS Bahasa Jawa SMP Kelas 9 Semester 1 2019 K13

Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 9 Semester 1 kurikulum 2013 revisi adalah soal yang sudah disesuaikan dengan materi beserta kisi - kisi yang sudah pernah sobat pelajari di semester 1 (ganji;) ini. Jumlah keseluruhan soalnya adalah 50 butir soal, dan tanpa kunci jawaban. Maafff

Dikarenakan minim pembagian soal bahasa jawa di internet adalah tujuan dari pembagian dari soal ini. Apalagi latihan soal PAS (Penilaian Akhir Semester) bahasa jawa kelas 9 yang merupakan kurikulum 2013 revisi.

Apa itu PAS?

PAS bisa sobat artikan juga dengan UAS (Ujian Akhir Semester), yang mana berubah menjadi PAS karena perevisian kurikulum 2013. Sistem pelaksanaan dan jadwal yang ada masih sangat sama yang berbeda adalah materinya. Tapi di beberapa mapel ada juga yang masih sama sih.

Bagaimana materi PAS-nya?

Materi PAS Bahasa Jawa kelas 9 semester 1 yang akan masuk ke jajaran naskah soal asli mendatang yaitu tentang apa yang pernah sobat pelajari dan catat selama 6 bulan terakhir ini.

Walau pun hanya pelajaran mulok, akan tetapi nantinya pasti ada poin positif tersendiri apabila mendapatkan nilai yang bagus di mapel bahasa jawa ini.

Latihan Soal PAS Bahasa Jawa SMP Kelas 9 Semester 1 2019 K13

Latihan Soal PAS Bahasa Jawa SMP Kelas 9 Semester 1

Admin membagikan soal PAS bahasa jawa kelas 9 semester 1 ini dalam bentuk PDF dan online yang bisa sobat akses secara gratis. Berikut ini untuk link download file PDF :

Latihan Soal PAS Bahasa Jawa SMP Kelas 9 Semester 1 2019 K13 PDF, DOWNLOAD

Baiklah, langsung saja berikut ini adalah Latihan Soal PAS Bahasa Jawa SMP Kelas 9 Semester 1 2019 K13. Selamat mengerjakan... 

1 “Program kegiyatan adiwiyata iku mujudake kerja bareng antarane Kemendikbud karo Kementerian Lingkungan Hidup (KLH) ing babagan warga sekolah nduweni rasa peduli marang kalestarene lingkungan. Program iki diwiwiti taun 1996 sing dianyari maneh taun 2005. Taun 2006, KLH ngembangake program pendhidhikan lingkungan hidup ing tataran pendhidhikan dhasar lan menengah lumantar program adiwiyata. Adiwiyata mujudake sawijinine program kang duwe tujuwan kanggo mujudake warga sekolah sing nduweni tanggung jawab, rasa tresna lan open marang lingkungan lumantar program kegiyatan ing sekolah “

Peranngan wacan teks asil observasi iku isine ngenani ... 

A. Programe kegiayatan adiwiyata
B. Kegiyatan adiwita lan jenis-jenis kegiyatane
C. Tujuwan lan manfaat kegiyatan adiwiyata
D. Pangerten lan tujuwan kegiyatan adiwiyata

2 “Godhong sukun bisa nglarutake watu ginjel lan purin kang meneb ing jero ginjel. Saliyane kuwi godhong sukun iya bisa nglarutake kotoran-kotoran sing ana jero ginjel, dibuwang metu bebarengan banyu seni. Dadi godhong sukun iya kanggo nglancarake seni lan ngresiki ginjel.” Miturut struktur teks palapuran asil observasi perangan kasebut kalebu...
A. pambuka
B. isi 

C. panutup
D. dudutan

3 “Blimbing wuluh ing SMP 6 sing wohe akeh ana ing cedhake kantin sing dodol ngombe. Wit liyane isih cilik. Wohe blimbing wuluh digunakake kanggo sirup blimbing wuluh.”

Perangan teks asil observasi iku kalebu struktur teks ....
A. pambuka
B. isi 

C. panutup
D. dudutan

4


Perangan teks laporan hasil observasi saka teks I lan teks II bedane yaiku ...





Bedane perangan laporan hasil observasi Teks I lan Teks II yaiku ...
A. Teks I, Pambuka amarga isine njelasake akibate sampah plastik; Teks II Isi amarga njelasake pangertene sampah
B. Teks I Isi amarga njelasake akibate sampah plastik; teks II Pambuka amarga njelasake pangertene sampah
C. Tek I Panutup amarga isine ngenani manfaat sampah; teks II Pambuka amarga njelasake ngenani pangerten
D. Teks I Pambuka amarga njelasake pangertene sampah; teks II Panutup amarga njelasake manfaat sampah

6 “Sampah yaiku barang sing ora dianggo lan dibuwang amarga ora ana gunane.Sampah kaperang dadi loro, yaiku sampah organik lan anorganik. Sampah organik iku sampah sing gampang diurai utawa didaur ulang, tuladhane kaya godhong, sisa panganan lsp. Yen sampah anorganik iku sampah sing angel utawa ora bisa diurai kaya sampah plastik.”

Perangan teks asil observasi iku kalebu struktur teks.... 

A. pambuka
B. isi 

C. panutup
D. dudutan

7 Laporan hasil observasi kudu lelandhesan fakta, tegese ...
A. Kudu padha karro bukti sing ana
B. Kudu padha karo sing ana ing kamus
C. Kudu manut karo buku sing ana
D. Kudu padha karo sing dikarepake

8 “Jahe kuning ing SMP Negeri 6 ditandur ana ing mburine kelas IPS. Jumlahe ana 27 wit. Nanging kahanane rada garing amarga panggonane nyepit lan kurang banyu. .”(LHO kls IX.2)


Perangan teks asil observasi iku kalebu ana ing struktur teks ....
A. pambuka
B. isi 

C. panutup
D. dudutan

9 “Jahe kuning ing SMP Negeri 6 ditandur ana ing mburine kelas IPS. Jumlahe ana 27 wit. Nanging kahanane rada garing amarga panggonane nyepit lan kurang banyu. .”(LHO kls IX.2) Isine saka perangan teks laporan asil observasi iku, yaiku ... 

A. Jahe sing ana ing SMP Negeri 6 digawe sirup jahe.
B. Cara nandur lan nyiram jahe ing SMP Negeri 6
C. Cara ngopeni lan ngrawat jahe ing SMP Negeri 6
D. Panggonan lan kahanan jahe ing SMP Negeri 6

1. isine pangajab
2. nerangake pangerten umum
3. isine dudutan
4. ditulis kanthi rinci
5. ditulis bukti-buktine

10 Saka daftar kasebut sing kalebu struktur teks isi/deskripsi bagian teks hasil observasi yaiku ....
A. 1, 4 

B. 2, 4 
C. 3, 4 
D. 4, 5

11 Ukara sing nggunakake tembung panggandheng kanthi tema njaga” karesikan lingkungan toga” yaiku ...
A. Sakwulan sepisan Pokja Buah nggawe sirup. 

B. Asil panenan kunir lan kencur digawe jamu.
C. Kabeh padha ngresiki kelase dhewe-dhewe supaya resik. 

D. Tanduran lombok ora bisa subur amarga ora dirabuk.

12 “Lidah buaya/aloevera ing SMPN 6 digawe olahan nata lan dicampur sirup. Sing ngolah saka Pokja Buah didhampingi Bu Sari lan dipandu saka wong tuwa murid..”

Perangan teks asil observasi kasebut kalebu ana ing struktur teks .... 

A. pambuka
B. isi 

C. panutup
D. dudutan

13 “Ing SMP 6 uga ana tanduran jambu kluthuk. Jambu kluthuk ditandur ing lantai III. Wite kurang luwih ana 10. Kahanane apik lan wis metu wohe, amarga disiram lan kena srengenge.”

Isine perangan teks LHO kasebut ngenani...

A. Kahanane tanduran jambu kluthuk ing SMP Negeri 6. 

B. Manfaate jambu kluthuk sing akeh banget.
C. Kandhutan lan manfaate jambu kluthuk.
D. Kandhutan jambu kluthuk sing penting kanggo awak.

14 „Kelasku katon resik amarga saben dina diresiki karo sing piket.”
Sing kalebu panggandheng saka ukara ing kasebut yaiku. ... 

A. saben dina
B. diresiki 

C. amarga 
D. resik

15 „Jedhing ing SMP Negeri 6 Malang ora mambu pesing. Saben dina saben wakil saka kelas, piket ngresiki jedhing. Sing kebagian piket yen ora nglakokake diwenehi ukuman. Ukumane nggawa alat kanggo ngresiki jedhing. Kuwi mau dilakokake supaya nglatih siswa tanggung jawab lan peduli marang karesikan lingkungan.”

Tembung panggandheng sing digunakake ana ing pethikan teks LHO kasebut yaiku .... 

A. saka, lan
B. ora, supaya 

C. yen, supaya 
D. supaya, lan

16 “Pungkasaning crita Damarwulan kasil ngalahake Adipati Menak Jingga saka Blambangan.

Damarwulan uga kasil ngatasi prakara Layang Seta lan Layang Kumitir kang arep ngrampas bebana kang wus dijanjekake Ratu Ayu Kencana wungu. Wiwit saka kuwi wis ora ana gegeran maneh antarane Majapahit lan Blambangan. Minangka bebanane, Damarwulan krama karo Ratu Ayu Kencana Wungu lan dadi ratu ana ing kraton Majapahit kanthi gelar Prabu Brawijaya. Prabu Brawijaya lan ratu Ayu Kencana urip mukti wibawa atut runtut lan ngembani kraton Majapahit kanthi adil wicaksana. Kraton Majapahit dadi kraton kang gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja.”

Pethikan teks drama ing dhuwur kalebu perangan .... 

A. Prolog
B. Epilog
C. Monolog
D. Dhialog

17 “Swarane jaran padha beker, playune banter banget, swarane pedhang lan gaman pating kontheng.”

Pranyatan iku nuduhake unsur intrinsik ....
A. alur 

B. latar 
C. watak
D. amanat

18 Gajah Mada : Paman Patih Harya Tadah..mangga..katuran pinarak!
Patih Harya Tadah : Sajak kaget aku teka ing papanmu
Gajah Mada : Wanci dalu paman rawuh, kamangka paman taksih gerah,mboten wonten ingkang ndherekaken.
Patih Harya Tadah : Mada, larane ragaku ora sepira ketimbang kahanane Majapahit..yo bengi iki wektu sing becik kanggo ndandani Majapahit


Pranyatan sing bener manut wacan drama iku yaiku... 

A. Patih Harya Tadah ora ana sing ngancani.
B. Kahanane Majapahit tata tentrem kerta raharjo.
C. Gajah Mada seneng banget Patih Harya Tadah rawuh. 

D. Rawuhe Patih Harya Tadah wektu sore.

19 Kethoprak lan ludruk iku diarani kesenian tradhisional, amarga...
A. Mung urip ing jaman sadurunge Indonesia merdika
B. Mung bisa nggelarake crita panguripane bangsawan kraton
C. Digelar kanggo iringan modern, nyritakake kauripan jaman biyen
D. Nggunakake alat musik, busana lan nyritakake jaman biyen uga iringan tetembangan

20 Pacelathon sing ana ing pungkasan drama diarani ...
A. Dhialog 

B. Prolog 
C. Epilog
D. Monolog

21 1.tema
2.paraga
3.latar
4.amanat
5.pasulayan
6.alur
Sing kalebu unsur intrinsik fisik saka drama yaiku ...

A. 1, 2 lan 3
B. 1, 4 lan 5
C. 2, 3 lan 6
D. 3,.4 lan 5

22 Kencana Sari : Eh Kencana Wungu, cepet mrene. Ora ndang milih klambi. Iki lho aku wis oleh sing regane larang.
Kencana Wungu : Iku lho Mbakyu...mesakne banget. Ana bocah cilik lusuh, kuru lan punuken.
Kencana Ayu : Wis ta Dhi, ora usah dideleng wae bocah iku. Sing penting ndang blanja,ben ndang cepet bali menyang kraton.

Saka peranngan teks teks drama kasebut, bedane watak antarane Kencana sari lan Kencana  Wungu yaiku ....
A. Kencana Sari becik, amarga seneng menehi klambi; Kencana Wungu sombong, amarga seneng tuku klambi larang
B. Kencana Sari jahat, amarga ngusir bocah cilik; Kencana Wungu becik, amarga preduli marang bocah cilik sing susah
C. Kencana Sari sombong, amarga seneng tuku klambi larang; Kencana Wungu becik, amarga preduli marang wong liya
D. Kencana Sari becik, amarga preduli marang wong liya; Kencana Wungu ora sabar amarga cepet ngajak mulih

23 Kencana Sari : Eh Kencana Wungu, cepet mrene. Ora ndang milih klambi. Iki lho aku wis oleh sing regane larang.
Kencana Wungu : Iku lho Mbakyu...mesakne banget. Ana bocah cilik lusuh, kuru lan punuken.
Kencana Ayu : Wis ta Dhi, ora usah dideleng wae bocah iku. Sing penting ndang blanja, ben ndang cepet bali menyang kraton.

Latar panggonan saka perangan teks kasebut, yaiku .... 

A. alas
B. pasar
C. kraton
D. sendhang

24 Jaka Tarub duwe akal arep njupuk salah siji slendhange para Nawang supaya bisa tetepungan karo salah siji utawa kabeh Nawang.
Jaka Tarub : Slendhang iki wae wis sing dakjupuk...!
Para Nawang banjur padha mentas lan njupuk slendhange dhewe-dhewe. 

Nawang Sekar : Ayo ndang padha bali sesuk mrene maneh
Nawang Wulan : Loh endi slendhangku...(bingung tolah-toleh lan katon susah)

Nawang Lintang : Mau kokseleh ing endi Nawang Wulan?
Nawang Sari : Apa ana manungsa sing njupuk slendhangmu Nawang Wulan? 

Nawang Lintang : Aku ora ndeleng ana manungsa liwat.
Nawang Sekar : Piye iki langit wis arep peteng, yen ora ndang bali kahyangan bakal ditutup.
Nawang Lintang : Yen ngono kowe keri wae golekana slendhangmu
Para Nawang padha mabur menyang kahyangan.

Konflik kang dumadi saka crita Jaka Tarub yaiku .... 

A. Nawang Sari adus ing tlaga
B. Jaka Tarub ketemu Nawang Wulan
C. Nawang Sekar ketemu jodhone
D. Nawang Wulan kelangan slendhang

25 Jaka Tarub duwe akal arep njupuk salah siji slendhange para Nawang supaya bisa tetepungan karo salah siji utawa kabeh Nawang.
Jaka Tarub : Slendhang iki wae wis sing dakjupuk...!
Para Nawang banjur padha mentas lan njupuk slendhange dhewe-dhewe. 

Nawang Sekar : Ayo ndang padha bali sesuk mrene maneh
Nawang Wulan : Loh endi slendhangku...(bingung tolah-toleh lan katon susah)
Nawang Lintang : Mau kokseleh ing endi Nawang Wulan?
Nawang Sari : Apa ana manungsa sing njupuk slendhangmu Nawang Wulan? 

Nawang Lintang : Aku ora ndeleng ana manungsa liwat.
Nawang Sekar : Piye iki langit wis arep peteng, yen ora ndang bali kahyangan bakal ditutup.
Nawang Lintang : Yen ngono kowe keri wae golekana slendhangmu
Para Nawang padha mabur menyang kahyangan.

Saka pethikan crita ing dhuwur, tujuwane Jaka Tarub njupuk slendhang yaiku... 

A. supaya bisa ngrabi salah siji Nawang
B. supaya duwe kanca Nawang
C. supaya bisa menyang kahyangan
D. supaya bisa kenalan karo Nawang

26 Drama kang critane lucu iku diarani drama ....
A. tragedhi

B. komedhi 
C. pantomim
D. Sendratari

27 “Ing tengah alas, ana gubug reyot sing arep ambruk dipanggoni Mbok Randha sing wis tuwa banget karo anake lanang siji Panji sing pincang sikile.”

Perangan teks drama kasebut, nuduhake struktur teks .... 

A. Orientasi
B. Komplikasi
C. Resolusi
D. Koda

28 Kesenian drama tradisional sing kondhang ing Jawa Timur sabanjure sumebar ing saben dhaerah diarani ...
A. kethoprak
B. wayang wong
C. janger
D. ludruk


29 Rerangkening kedadean saka wiwitan nganti pungkasaning crita diarani....
A. latar
B. tema
C. paraga
D. alur

30 Drama yaiku salah sawijining karya sastra kang nggambarake crita ngenani uripe manungsa utamane saka konflik kang dialami kanthi pacelathon-pacelathon lan tindak tanduk ing ndhuwur panggung kanthi unsur intrinsik. Kang kalebu unsur intrinsik fisik drama yaiku ....
A. alur, tema, paraga, amanat
B. latar, paraga, amanat, dhialog
C. dhialog, paraga, alur, latar
D. Amanat, latar, paraga, alur

31 1. swarane kudu banter supaya kabeh krungu
2. ngobahake awak kanggo narik kawigaten
3. anggone micara ora ngambra-ambra, singkat padhet

4. nggunakake unggah-ungguh basa sing becik
5. nggatekake tata rakite ukara sing becik
6. swara lan lagu pocapan cetha

Bab sing kudu digatekake nalika nindakake tanggap wacana dituduhake nomer .... 

A. 3, 4, 5, lan 6
B. 2, 3, 5, lan 6
C. 2, 3, 4, lan 5
D. 1, 2, 3, lan 4

32 Perangan pidhato sing isine atur panuwun lan nyuwun pangapura yen ana kaluputan anggone ngandharake pidhato diarani ....
A. purwaka 

B. dudutan 
C. panutup 
D. pangajab

33 “ Puja lan puji konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung. Awit saking rahmatipun kula lan panjenengan sedaya saged pepanggihan wonten ing papan punika kanthi wilujeng nir ing sambikala.”

Perangan pidhato kasebut nuduhake struktur teks ....
A. purwaka

B. dudutan 
C. panutup 
D. pangajab

34 “Ibu Kepala sekolah ingkang minulya, Bapak/Ibu Wali Kelas IX ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu Guru ingkang kula kurmati, sarta para kanca peserta didik le;as IX ingkang kula tresnani”

Perangan teks pidhati kasebut nuduhake perangan ....
A. purwaka 

B. pangajab 
C. panutup 
D. panyapa

35 “Mekaten ingkang saged kula aturaken, menawi wonten kirang jangkeping tata basa sarta subasita, kula tansah nyuwun agunging pangapunten.”

Perangan teks pidhato kasebut kalebu ana ing struktur teks ....
A. purwaka 

B. pangajab 
C. panutup 
D. panyapa

36


Bedane teks pidhati I lan II yaiku ...
A. Teks I Panutup, am arga njelasake nyuwun pangapura lan pamit; Teks II Pambuka amarga njelasake atur panuwun marang Gusti
B. Teks I Isi amarga njelasake ngenani inti karesika; Teks II Panutup, amarga njelasake panyuwun pangapura lan pamit
C. Teks I Purwaka, amarga njelasake atur panuwun marang Gusti; Teks II Isi, amarga njelasake inti karesikan
D. Teks I Panutup, amarga njelasake nyuwun pangapuraa lan pamit; Teks II Isi, amarga njelasake inti karesikan

37 Struktur teks pewara kanthi urut yaiku ....
A. Salam pambuka, pambuka, panyapa, surasa basa, panutup, salam panutup
B. Salam pambuka, panyapa, pambuka, wosing pranatacara, panutup, salam panutup
C. Salam pambuka, pambuka, panyapa, wosing pranatacara, dudutan, panutup, salam panutup
D. Salam pambuka, panyapa, pambuka, surasa basa, panutup, salam panutup

38 “Mugi-mugi kita saged njagi lingkungan ingkang asri punika saengga ndadosaken kita krasan.”

Perangan teks pidhato kasebut diarani ....
A. purwaka 

B. dudutan 
C. panutup 
D. pangajab

39 “Cara ingkang saged kita tindakaken inggih punika, nguras bak tandhon toya, nutup sedaya barang ingkang saged kaisi toya saha ngubur sedaya barang ingkang saged kangge ngendhog nyamuk. Cara sanesipun inggih punika kanthi cara fogging utawi pengasapan. Menawi sedaya cara saged katindakaken dening sedaya warga, temtunipun demam berdarah saged kacegah. Menawi keluwarga kita wonten ingkang nandhang demam berdarah, gejalanipun wiwitan panas ingkang inggil terus-terusan kasusul timbulipun bintik abrit ing kulit langkung sae enggal dipunbekta dhateng dhokter utawi rumah sakit. Sebab menawi telat saged nggondhol nyawa.”

Perangan pidhato ing dhuwur kalebu perangan ... 

A. Pambuka
B. surasa basa
C. Dudutan
D. Panutup

40 “Cara ingkang saged kita tindakaken inggih punika, nguras bak tandhon toya, nutup sedaya barang ingkang saged kaisi toya saha ngubur sedaya barang ingkang saged kangge ngendhog nyamuk. Cara sanesipun inggih punika kanthi cara fogging utawi pengasapan. Menawi sedaya cara saged katindakaken dening sedaya warga, temtunipun demam berdarah saged kacegah. Menawi keluwarga kita wonten ingkang nandhang demam berdarah, gejalanipun wiwitan panas ingkang inggil terus-terusan kasusul timbulipun bintik abrit ing kulit langkung sae enggal dipunbekta dhateng dhokter utawi rumah sakit. Sebab menawi telat saged nggondhol nyawa.”

Pranyatan sing kurang bener miturut perangan pidhato ing dhuwur yaiku ... 

A. Kanggo nyegah demam berdarah dilakokake wong siji wae
B. Gejala demam berdarah iku panas terus-terusan, terus metu bintik abang
C. Yen telat nggawa menyang rumah sakit bisa mati
D. Cara nyegah bisa dilakokake karo nguras jedhing

41 Patrape pranatacara kudu nuduhake tata krama utawa tata trapsila, bab kasebut minangka salah sawijine bab kang kudu digatekake anggone nindakake pranatacara ing babagan....
A. sikap
B. busana
C. basa
D. ngadi sarira

42 Nyuwun donga lan pangestu marang para rawuh supaya apa sing dadi pangarep-arepe kelakon, kalebu ana ing perangan ....
A. surasa basa
B. purwaka
C. panyapa
D. pangarep-arep

43 „Kawula nyuwun agunging pangaksami‟. Ukara kasebut tegese padha karo ...
A. Kawula nyuwun pangapunten
B. Kawula nyuwun pangestu

C. Kawula nyuwun pandonga
D. Kawula nyuwun wekdal

44 Panyapa ing pidhato, diwiwiti saka wong sing pangkat/jabatane dhuwur nganti ngisor. Tuladhane panya sing bener yaiku ...
A. Ingkang kula tresnani para kanca, ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Guru, saha para rawuh sedaya.
B. Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Guru, Ibu Kepala Sekolah saha Dewan Juri
C. Ingkang kinurmatan Kepala Dinas Pendidikan, Kepala Sekolah, Bapak/Ibu Guru saha para siswa ingkang kula tresnani
D. Ingkang Kinurmatan Dewan Juri, Bapak/Ibu Guru, Kepala Sekolah, saha para siswa ingkang kula tresnani


45 Salamualaikum
Sugeng enjing, lan hong swasti astu
Ingkang kinurmatan para dewan juri
Ugi Bapak Ibu guru
Para siswanipun kang jos

Tembang iku kalebu perangan pidhato.... 

A. Salam pambuka lan panyapa
B. Salam pambuka lan pambuka
C. Salam pambuka lan purwaka
D. Salam pambuka lan surasa basa

46 Pidhato kang kudu ditindakake kanthi maca teks lan ora kena uwal saka teks kasebut, diarani pidhato ....
A. resmi
B. ora resmi
C. setengah resmi
D. guyonan

47 “Purwa, madya, wasananing titilaksana sampun kalampahan, kula ingkang nglantaraken titi laksitaning adicara mbok bilih kathah atur kula ingkang kirang prayogi, kula namung saged matur nyuwun samodra ing pangaksami.”

Teks pewara ing dhuwur kalebu perangan ....

A. wosing pranatacara
B. panutup
C. salam panutup
D. panyapa

48 “Rantamaning adicara ingkang badhe kalampahan inggih punika
1. pambuka
2. tanggap wacana Kepala Sekolah
3. tanggap wacana Kepala Dinas
4. hiburan
5. donga panutup
Perangan teks rantaman adicara kasebut kalebu .... 

A. purwaka
B. panyapa
C. surasa basa
D. wosing pranatacara

49 Pidhato tanpa nggunakake naskah jangkep nanging mung pokok sing penting wae diarani metodhe....
A. naskah
B. impromtu
C. ekstemporan
D. ngapalake

50 Pidhato kang diandharake dening wong kang duwe pengaruh kanggo ngresmekake samubarang diarani pidhato ....
A. peresmian 

B. pengarahan 
C. laporan
D. pertanggungjawaban


Demikian artikel tentang Latihan Soal PAS Bahasa Jawa SMP Kelas 9 Semester 1 2019 K13. Semoga bermanfaat...
Advertisement

Baca juga:

Comment Policy: Silahkan tuliskan komentar Anda yang sesuai dengan topik postingan halaman ini. Komentar yang berisi tautan tidak akan ditampilkan sebelum disetujui.
Buka Komentar
Tutup Komentar