--> Skip to main content

√ Latihan Soal UKK Bahasa Jawa SMP Kelas 7 Tahun 2021 K13

centralpendidikan.com - Berikut ini adalah Latihan Soal UKK Bahasa Jawa SMP Kelas 7  Kurikulum 2013 revisi Tahun Ajaran 2020/2021. Akan tetapi soal bahasa Jawa ini tidak ada kunci jawaban, jadi admin mohon maaf. Diharapkan soal UKK ini bisa berguna buat sobat yang akan menghadapi Ujian Kenaikan Kelas untuk tahun ajaran yang akan datang.

Selain itu, para guru juga bisa menggunakannya sebagai bahan EVALUASI butir soal bahasa Jawa untuk dijadikan referensi dalam pembuatan naskah soal asli mendatang.


√ Latihan Soal UKK Bahasa Jawa SMP Kelas 7 2021 K13

Soal UKK Bahasa Jawa SMP Kelas 7

Jumlah keseluruhan soal ini adalah 50 butir soal, berbentuk soal pilihan ganda. Semuanya sudah disesuaikan dengan materi UKK bahasa Jawa kelas 7. Dan agar lebih mudah, selain memberikan soal bahasa Jawa Kelas 7 ini dalam bentuk online, disini admin sudah memberikan file PDF yang bisa sobat download secara gratis..

√ Latihan Soal UKK Bahasa Jawa SMP Kelas 7 Tahun 2021 K13 PDF, DOWNLOAD

Baiklah, langsung saja berikut ini adalah √ Latihan Soal UKK Bahasa Jawa SMP Kelas 7 Tahun 2019/2021. Selamat mengerjakan...

1 Wacanen teks crita ing ngisor iki gawe jawab no 1-4
Panjaluk Roro Jonggrang pancen mustahil, ananging Raden Bandung Bondowoso nyanggupi penjalukan kasebut. Piyambake banjur nggawe sewu candi kanthi njaluk bantuan para lelembut.

Kawatir Raden Bandung Bondowoso bisa ngrampungake gaweane, banjur Roro Jonggrang ngutus para dayang kanggo nutu pari lan ngobong damen supaya dikira menawi esuk wes teka. Bangunan sewu candi durung rampung, kurang siji supaya bisa ganep sewu candi.

Raden Bandung Bondowoso murka, saktemene srengenge durung jedul. Piyambake ngerti yen Roro Jonggrang sing gawe ngusir para lelembut. Banjur Raden Bandung Bondowoso ngutuk Roro Jonggrang dadi arca sing kanthi sakiki dikenal kanthi jeneng Arca urga kanggo mepaki sewu candi kasebut.

Sarat sing kudu dilakoni Bandung Bandawasa supaya bisa garwa Rara jonggrang yaiku …
A. mbangun sewu sumur ing wektu sedina sewengi. 
B. mbangun sewu arca ing wektu sedina sewengi.
C. mbangun sewu candi ing wektu sedina sewengi. 
D. mbangun sewu prasati ing wektu sedina sewengi.

2 Saka crita kasebut sejatine kalebu jenise crita ….
A. Dongeng
B. Sage
C. Mite
D. Legenda

3 Latar wektu sing ana ing crita „Bandung Bandawasa‟ yaiku wayah ....
A. esuk
B. sore 
C. awan 
D. bengi

4 Pesen moral becik sing bisa dijupuk saka crita Bandung Bandawasa yaiku ....
A. Cules iku ora apa-apa yen pancene dibutuhake. Ngapusi wong iku oleh yen pancen gawe kabecikan.
B. Wes samestine oleh nesu yen usaha sing dilakoni ora bisa kawujud. Banjur oleh nyalahno sapa wae.
C. Aja gampang nyerah yen duwe kekarepan. Kudu usaha supaya bisa mujudake apa sing dipengeni.
D. Sabar iku ana batese. Yen kesabaran terus diuji wus dadi perkara sing lumrah yen manungso oleh nyimpen rasa dendam.

5 Dongeng lucu yaiku dongeng sing isine lucu, sarwa aneh utawa ora klebu ing nalar. Ing ngisor iki kang kalebu tuladha golongane dongeng lucu, yaiku ....
A. Serat kancil
B. Jaka Kendhil
C. Peksi gethik
D. Andhe-andhe Lumut

6 Crita rakyat sing isine ngayawara utawa tanpa kasunyatan, gunane kanggo panglipur utawa ngisi wektu lodhang diarani ....
A. Legenda
B. Mite
C. Sage
D. Dongeng

7 Tembung sing nggunakake sandhangan layar, suku lan wulu yaiku ...

8 Panulise „Ayo nggayuh prestasi‟ ing aksara Jawa yaiku ….


Wacane aksara ing dhuwur yaiku .... 
A. Sirah geraha waja.
B. Sirah gerah waja.
C. Simbah geraha waja.
D. Simbah gerah waja.

10 Pasangan sing panulisane ana ing ngisore aksara yaiku ....

11 Pasangan sing panulisane ana ing sisihe aksara yaiku ....
A. ha, sa, pa 
B. ha, ra, ca 
C. sa, pa, ka 
D. Pa, da, la 

12 
A. Pengkal 
B. Pangkon 
C. Wigyan 
D. Keret

13 Sandhangan panyigeg paten wanda sing digunakake ana ing tembung
yaiku ...
A. taling lan cecak 
B. taling lan wigyan 
C. suku lan cecak
D. wigyan lan layar

14 Sandhangan swara sing digunakake ana ing tulisan aksara Jawa 
 yaiku ...
A. Suku, pepet, lan wulu 
B. Suku, taling, lan layar 
C. Suku, taling, lan wulu
D. Suku, pepet, lan wigyan

15 Sandhangan sing digunakake kanggo ngowahi swara A dadi I yaiku ...
A. Wulu 
B. Suku 
C. Taling 
D. Pepet

16 Sing ora kalebu sandhangan swara yaiku ....
A. suku 
B. layar 
C. wulu 
D. taling

17 Wujude sandhangan „layar „ yaiku ...

18 Panulise „aku duwe crita apik „ ing aksara Jawa yaiku ...

19 

Tulisan aksara Jawa kasebut yen ditulis latin yaiku ... 
A. Aku kudu buku sekolah.
B. Aku kudu bungah sekolah. 
C. Aku kudu budhal sekolah.
D. Aku kudu sesuk sekolah.

20 “ Mangan sate” , yen ditulis Aksara Jawa, yaiku ....

21 Gunane sandhangan “u (suku) “ yaiku ...
A. Ngowahi swara a dadi i 
B. Ngowahi swara a dadi e 
C. Ngowahi swara a dadi u 
D. Ngowahi swara a dadi o

22 Pasangan sing wujude padha karo aksara asline yaiku ...

23 Puisi jawa gagrag anyar sing panulisane ora kaiket paugeran-paugeran tartamtu, diarani....
A. macapat 
B. geguritan 
C. parikan
D. cangkriman

24 Geguritan asalae saka tembung “gurit” kang ateges ....
A. Kidung utawa tulisan kang awujud tatahan
B. Kidung lingsir ing wayah bengi
C. Kidung lan kakawin kang kaiket paugeran tartamtu
D. Kidung lan tetembangan kang kudu dilagokake anggone maca

25 Sing diarani pesen lan amanat jroning geguritan yaiku ....
A. Carane ngonceki isine geguritan sarana negesi tembung-tembung kang utama lan nggoleki bakune gagasan
B. Tata cara kanggo ngudhari utawa negesi tembung-tembung sing utama jroning geguritan sing dikarang
C. Piwulang apa wae sing kepengin diandharake dening panggurit marang pamaca lumantar geguritane
D. Nemtokake tema sarta kang ana ing sajroning geguritan kanthi cara nggathuk-nggathukake ukara

26 ASRI LAN LESTARI
Seneng rasane atiku 
Nyawang bumiku sing asri 
Ana tetanduran sing ijo royo
Edhum lan tentrem rasane atiku

Saben esuk dak rasakake seger ing dadaku
Mbun pada tinetes ing tetanduran
Hawa seger ngrasuk ing awak iki

Selawase muga tansah tetep kaya ngene iki 
Bumi sing kudu dijaga kuwi kawajiban kita 
Supaya anak putu bisa ngrasakake
Rasane urip ing bumi sing asri lan lestari

Geguritan „Asri lan Lestari‟ kaperang saka … gatra lan … pada
A. 10 gatra lan 3 pada 
B. 11 gatra lan 3 pada 
C. 11 gatra lan 2 pada 
D. 12 gatra lan 2 pada

Ibu,
Sakjerone eseman mu ana keselmu
Rino wengi kerja tanpa rasa lesu
Tansah kuat, tanpa sambat
………………………………..

27 Pamilihan ukara kang mentes, pantes, lan sawirama kanggo nglengkapi gatra ka-4 ing geguritan kasebut, yaiku ....
A. Mugi Gusti tansah paring rezeki 
B. Mugi Gusti tansah paring ganti 
C. Mugi Gusti tansah paring sehat 
D. Mugi Gusti tansah paring telat

28 JAGAD IKI
Kabentang endahing jagad
Tan katon ijo royo-royo
Kewan lan tanduran suka parisuka
Urip ayem lan tentrem ing jagad iki

Nanging saiki ora kaya mbiyen 
Nanging saiki kabeh pada rusak 
Koyo-koyo wis ora ana urip maneh

Karana tangane manungsa
Leno marang wektu
Lan nglirwakake kewajiban
Marang Gusti, sing akarya jagad iki

Tema saka geguritan „Jagad Iki‟ yaiku ….
A. pendidikan 
B. lingkungan 
C. asmara
D. politik

29 Pada kapisan geguritan „Jagad Iki‟ nyritakake ngenani ....
A. Wayah esuk tanduran katon ijo royo-royo.
B. Urip ayem lan tentrem pada tinindak makarya. 
C. Endahing jagad kang durung dirusak.
D. Kewan pada mangani tanduran sing ana ing jagad iki.

30 Pada kaloro geguritan „Jagad Iki‟ nyritakake ngenani ....
A. Jagad sing wis rusak amarga tangane manungsa.
B. Jagad sing tansah dijaga amarga wajibe manungsa.
C. Jagad sing ora apa-apa dirusak amarga paring saka Gusti.
D. Jagad sing ora bisa disawang maneh amarga wus ora ana krwan lan tanduran.

31 Pesen moral kang bisa dijupuk saka pada katelu geguritan „Jagad Iki‟ yaiku ....
A. Bumi iki sejatine wus rusak. Ora ana sing bisa ngrumat sakliyane Gusti ingkang sampun akarya bumi iki.
B. Ora dadi perkara yen manungsa nguras sing ana ing jagad iki amarga kabeh kuwi wus disediani dening uripe manungsa.
C. Kita tansah kudu ngucap syukur marang Gusti sing akarya jagad iki karo nindakake kawajiban jaga bumi tetep lestari .
D. Njaga alam iki dudu perkara gampang amarga alam iki amba banget. Ora ana manungsa sing bisa ngrumat alam iki dadi becik.

32 Geguritan kaperang dadi loro yaiku...
A. kidung lan suluk
B. parikan lan tembang macapat
C. geguritan gagrak anyar lan gagrak lawas
D. tembang kreasi anyar lan dolanan

33 Tembang “Padhang Bulan”, kalebu jenise tembang ....
A. dolanan 
B. macapat 
C. daerah
D. campursari

34 Tembang macapat cacahe ana ....
A. 10
B. 11
C. 12
D. 13

35 Gambuh
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula tula katali 
Kadaliuwarsa katutuh 
Kapatuh pan dadi awon

Paugerane tembang “Gambuh” guru wilangan lan guru lagune, yaiku ....
A. 6u,10u,12a, 8u, 8i 
B. 6u,11u, 12i, 8u, 8a 
C. 7u, 11u, 12i, 8u, 8i 
D. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o

36 Tembang macapat iku kaiket dening paugeran tartamtu yaiku ...
A. Guru lagu, guru swara, lan guru wilangan
B. Guru swara, guru gatra, lan guru lagu
C. Guru gatra, guru basa, lan guru wilangan
D. Guru gatra, guru wilangan lan guru lagu

37 Sing ora kalebu tembang macapat yaiku ....
A. Pangkur 
B. Kinanti 
C. Laras
D. Megatruh

38 Pangkur
Mingkar mingkur ing angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mreh ketarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah jawa
Agama ageming aji

Tembang Pangkur kasebut dumadi saka ...gatra.
A. 5
B. 6
C. 7
D. 8

39 Sing kalebu wewatakane tembang pangkur yaiku ...
A. waspada lan premati
B. Antepan ati lan gagah, mula kanggo nyritakake crita kagol
C. sombong lan cules
D. Sakpenake lan kurang greget

40 Kinanthi
Tansah waspadeng pandulu 
Ugere manungsa urip 
Nalusur marang wardaya 
Den tliti lawan premati
Wit lair mung manut nalar
Yen pengin dadi wong mukti

Manut tembang “Kinanthi” ing dhuwur manungsa kudune.....
A. Waspada ing kalamangsa
B. Pijer mangan lan nendra
C. Waspada, tliti, lan premati
D. Uripe mukti wibawa

41 Tembang “Kinanthi” kasebut dumadi saka ... gatra.
A. 3
B. 5
C. 6
D. 7

42 Paugeran guru wilangan lan guru lagune saka tembang “Kinanthi” ing dhuwur yaiku ...
A. 12u, 6a, 8i, 12a, 8a, 9i
B. 12i, 6a, 8i, 8a, 8a, 8i
C. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a,8i
D. 8o, 8i, 8e, 8i, 8u,8a

43 Tembang macapat Sinom nduwe sipat kaya dene bocah cilik kang lagi ngerti donya. Mulane iku Sinom dumadi saka tembung .... 
A. (si + nom)
B. (isih + enom) 
C. (si + enom) 
D. (isa + nom)

44 Wacanen teks crita rakyat ing ngisor iki gawe jawab no 44-48

Jaka Tarub
Ing pedhukuhan Tarub urip sawijining randha kang aran Mbok Randha Tarub tilas garwane Ki Ageng Tarub. Dheweke urip ijenan jalaran tinilar bojo tanpa anak kang njalari nelangsane. Ing sawijining wengi ngepasi malem Jemuwah Kliwon, Mbok Randha Tarub sengaja ziarah ing makame Ki Ageng, ngiras turu ing makam kuno mulane nggawa bantal lan klasa. Eloke lelakon, bareng parak esuk Mbok Randha Tarub kagyat lan gumun dene ing cedhake anggone turu ana bayi lanang nangis cengar-cenger. Bayi enggal dibopong, anehe bayi mau banjur meneng cep. Bayi enggal digawa mulih, diadusi, lan didulang degan kemlamut. Sawetara dina Mbok Randha malah metu banyu susune, mula bayi lanang tur bagus iku gelis gedhene. Bayi lanang iku dijenengi Jaka Tarub. Mbok Randha Tarub anggone nggulawenthah Jaka Tarub ngalah-alahi anake dhewe.

Jaka Tarub wis ngancik jejaka, senengane mbebedhag kewan alas bangsane manuk, kidang, lan sapunggalane. Sawijining dina nalika mbebedhag ing tengah alas, dheweke weruh sandhangane para widadari kang padha adus ditumpangake ing watu gilang sapinggire tlaga. Kanthi alon-alon Jaka Tarub njupuk klambi siji lan slendhang banjur gegancangan digawa mulih. Satekane ing omah, klambi lan slendhang disingitake ing lumbung ditumpuki pari. Age-age Jaka Tarub bali menyang alas karo nggawa jarit klambi lurik lan kemben. Nalika teka tengahe alas ing cedhake tlaga para widadari meruhi tekane manungsa mula padha age-age mentas saka tlaga klamben lan mabur bali menyang kahyangan wedi kamanungsan. Kari siji widodari kang kelangan klambi lan slendhang ora bisa mundur. Atine pepes jalaran bakal kamanungsan, saking bangete sedhih nganti nangis ing pinggiring tlaga. Wusanane dipupus, widodari ngucap sayembara “sing sapa bisa menehi klambi menawa wong tuwa bakal diaku dadi wong tuwane, menawa wadon bakal diaku sedulur sinarawedi, dene yen lanang bakal sanggup dipek bojo”. Krungu sayembara kuwi Jaka Tarub nyedhaki pinggiring tlaga menehi pitulungan rupa klambi, jarit, lan kemben lan nagih janjine widodari iku. Widodari kang aran Dewi Nawangwulan tetep ing janji sanggup digarwa banjur diajak bali ing pedhukuhan Tarub.

Sumber: Panjebar Semangat, No.31,4 Agustus 2001 lan No.32 Agustus 2001

Manut teks crita rakyat ing dhuwur asmane garwane Mbok Randha Tarub, yaiku .... 
A. Ki Ageng Sela
B. Ki Ageng Tarub
C. Ki Ageng Mangir
D. Ki Ageng Pemanahan

45 Sing njalari Mbok Randha Tarub nelangsa uripe, yaiku ....
A. Amarga kakehan anak
B. Amarga ora duwe anak
C. Amarga garwane wis ninggal
D. Amarga tinilar bojo tanpa anak

46 Mbok Randha Tarub ziarah lan turu ing kuburan Ki Ageng, ing sawijining ngapesi malem. Yaiku ngapesi malem .....
A. Jemuwah Legi 
B. Jemuwah Wage 
C. Jemuah Kliwon 
D. Jemuwah Pon

47 Sing ditemokake Mbok Randha Tarub, nalika tangi sawise sewengi turu ing kuburane Ki Ageng, yaiku ....
A. bayi estri
B. bayi bajang 
C. bayi wadon 
D. bayi lanang

48 Tegese tembung nggulawenthah ing teks crita rakyat kasebut, yaiku ....
A. milara
B. ngopeni
C. ngelus-elus
D. nggondheli

49 Sawijining dina nalika mbebedhag ing tengah alas, Jaka Tarub weruh sandhangane para widadari kang padha adus ditumpangake ing watu gilang sapinggire tlaga. Kanthi alon-alon Jaka Tarub jupuk slendhang siji sing wena jambon banjur digawa mulih. Saktekane omah slendhang mau disingitake ing lumbung ditumpuki pari.
Perangan crita kasebut kalebu ing struktur ….
A. pambuka (orientasi)
B. pasulayan (komplikasi) 
C. surasa (isi)
D. pangudhare prakara (resolusi)


50 Dewi Nawangwulan ngerti yen saksuwene iki slendhange disingitake bojone ing jerone lumbung sing ditumpuki pari. Piyambake kuciwa jalaran wong kang ditresnani sejatine seng gawe uripe sengsara ora bisa balik ing kayangan. Nawangwulan banjur mabur ing mara kayangan gawe slendhang ninggalake Jaka Tarub.

Perangan crita kasebut kalebu ing struktur ….
A. pambuka (orientasi)
B. pasulayan (komplikasi) 
C. surasa (isi)
D. pangudhare prakara (resolusi)

Demikian artikel tentang √ Latihan Soal UKK Bahasa Jawa SMP Kelas 7 Tahun 2019/2021. Semoga bermanfaat..
Advertisement

Baca juga:

Comment Policy: Silahkan tuliskan komentar Anda yang sesuai dengan topik postingan halaman ini. Komentar yang berisi tautan tidak akan ditampilkan sebelum disetujui.
Buka Komentar
Tutup Komentar