--> Skip to main content

√ Soal PTS Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 2 K13 2021, Online

Siswa.adriyan.id | Soal PTS Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 2 kurikulum 2013 tahun pelajaran 2020/2021 adalah artikel contoh yang akan kami bagikan pada kesempatan kali ini. 

Bapak/Ibu guru dan siswa bisa menggunakannya sebagai referensi dalam pembuatan naskah asli soal PTS dan sebagai tambahan pembelajaran agar mendapatkan nilai yang bagus. 

Materi PTS Bahasa Jawa SMP Kelas 8 semester 2 sudah kami sesuaikan dengan kurikulum seperti halnya judul di atas, k13 revisi. 

√ Soal PTS Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 2 K13 2021, Online

Soal PTS Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 2

Bahasa Jawa adalah mata pelajaran domisili daerah (mulok) yang bakalan diujikan kepada siswa Kelas 8 sesuai dengan bahasa daerahnya masing - masing. Karena kebanyakan memang mayoritas jawa, jadi kami membuatkannya soal tersebut. 

Kami memberikan soal dalam berjumlah 50+ butir soal yang dilampirkan file PDF yang bisa kamu download secara gratis pada artikel ini. 

√ Soal PTS Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 2 K13 2021, Online. DOWNLOAD

Baiklah, langsung saja berikut ini adalah  √ Soal PTS Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 2 K13 2021, Online. Selamat mengerjakan...

1. Struktur geguritan iku salah sijine kudu migunakake tembung sing mentes.
Tembung mentes tegese…..
A. Tembung sing mung waton
B. Tembung sing ora duwe makna
C. Tembung sing penak dirungokake
D. Tembung sing duwe makna kang jero

2. Kejaba tembung sing mentes, geguritan uga kudu duwe struktur migunakake basa rinengga.
Dene sing dikarepake basa rinengga yaiku…..
A. Basa kang angel dimangerteni
B. Basa kang ora kepenak dirungokake
C. Basa kang endah/penak dirungokake
D. Basa kang ora kepenak lan angel dimangerteni

Kanggo soal nomer 3
Nyi Rumpih
Awakmu wis ringkih
Mlaku senggoyoran krangkih-krengkih 
Parandene atimu datan wigah-wigih 
Kepengin anak dadi linuwih

3. Pethikan geguritan ing dhuwur isine….
A. Sanajan ringkih nanging tetep kepengin anake dadi wong linuwih. 
B. Wong kang ringkih amarga anggone mlaku wis senggoyoran.
C. Atine ora wigah-wigih sanajan wis ringkih. 
D. Wong sing wis ora bisa ngapa-ngapa.

Kanggo soal nomer 4-5

Awan bengi sliramu tansah tangisan 
Tanpa kendhat nyuwun marang pangeran 
Amrih panjaluke bisa katekan
Kanggo urip kang mung sepisan
4. Pethikan geguritan kasebut isine yaiku….
A. Nyritakake wong sing duwe panyuwunan/gegayuhan.
B. Nyritakake wong sing uripe mung tansah ndedonga.
C. Nyritakake wong sing urip sarwa kecukupan. 
D. Nyritakake wong sing urip tansah seneng.

5. Tanpa kendhat ndedonga marang pangeran.
Tembung “tanpa kendhat tegese”…...
A. tanpa rekasa 
B. tanpa pedhot 
C. tanpa dilakoni
D. tanpa pepinginan

6. Ing ngisor iki sing ora kalebu jinising purwakanthi yaiku……
A. purwakanthi guru basa 
B. purwakanthi guru swara 
C. purwakanthi guru sastra 
D. purwakanthi guru wilangan

7. Gawe geguritan supaya katon endah iku kudu nggatekake anane purwakanthi guru sastra.
Purwakanthi guru sastra yaiku…..
A. vokal sing dibaleni
B. swara sing dibaleni
C. tembung sing dibaleni
D. konsonan sing dibaleni

8. Endahe geguritan bisa uga amarga nganggo purwakanthi guru basa.
Purwakanthi guru basa yaiku…..
A. ambaling vokal
B. ambaling ukara
C. ambaling tembung
D. ambaling konsonan

9. Purwakanthi kang runtut swarane/vokale diarani purwakanthi guru……
A. swara
B. sastra
C. wilangan
D. lumaksita

Kanggo soal nomer 10-11
Jaman geger aku ngungsi ketewer- tewer
Ndhelik sor ngemper
Ngerti- ngerti ketiban ember 
Alah bapak mbalung klapa 
Ethok- ethok ora reti yen disapa

10. Pungkasaning pethikan geguritan ing dhuwur migunakake unsur geguritan kang awujud……
A. purwakanthi guru lagu 
B. purwakanthi guru basa 
C. purwakanthi guru swara 
D. purwakanthi guru sastra
11. Alah bapak mbalung klapa
Ethok-ethok ora ngerti yen disapa
Pethikan geguritan kasebut kalebu unsur kang gawe endahing geguritan yaiku…….
A. parikan
B. paribasan 
C. wangsalan 
D. cangkriman 

12. Ukara ing ngisor iki kang migunakake purwakanthi guru sastra “s” yaiku……
A. Tuku tahu lan tempe ditaleni. 
B. Saben esuk Sasa solat subuh. 
C. Dewi duwe dara mabur dhuwur.
D. Wina wira-wiri kaya wong sing lagi bingung.

13. Ing ngisor iki ukara kang migunakake purwakanthi guru basa/lumaksita, kejaba…….
A. Gunung Merapi, gunung ing lor Ngayoja.
B. Dadi bocah, dadia bocah sing manut karo wong tuwa.
C. Wis suwe ora ketemu, malah kowe saiki tambah bagus. 
D. Klambi sing tak gawa iki meh padha karo klambine Dian.

14. Para warga gage gumregud gugur gunung.
Ukara ing dhuwur migunakake purwakanthi guru…..
A. swara “ung” 
B. swara “ur” 
C. sastra “g”
D. sastra “p”

15. Yen menang aja banjur sewenang-wenang.
Purwakanthi kang ana ing ukara kasebut yaiku…..
A. purwakanthi swara “ang” 
B. purwakanthi swara “en” 
C. purwakanthi swara “ur” 
D. purwakanthi swara “a”

Kanggo soal nomer 16
Nalika sesak nafas kagubel kabel-kabel teknologi
Nalika kerimpet kawat-kawat komunikasi
Nalika mejet tombol ora manjalma inspirasi
Lan nalika mejet tape recorder krungu swara music kulonan
Dudu kumandhanging geguritan
Njur apa sing simusa
Bocah-bocah Jawa kumlanda-landa

16. Kadadean kang ana saka pethikan geguritan ing dhuwur yaiku……
A. Kahanan jaman kang wis owah gingsir
B. Kahanan jaman sing ora karuan
C. Kahanan jaman sing ora maju
D. Kahanan jaman biyen

17. Ing ngisor iki kang ora kalebu teknik nalika maca geguritan yaiku…..
A. wicara 
B. wiraga 
C. winata 
D. wirama

18. Nabila nalika maca geguritan luhe nganti dleweran awit nggatekake wirasa.
Wirasa tegese……
A. Anggone maca pangucape kudu cetha
B. Banter alone lan munggah mudhune swara
C. Obahing perangan awak lan polatan kang kudu luwes
D. Penjiwaan/penghayatan kang dilarasake karo isine geguritan

19. Sari anggone maca geguritan durung bisa mbedakake pangucape antarane t karo th, d karo dh,
bab iki ateges Sari anggone maca durung bisa ngecakake……
A. wiraga 
B. wicara 
C. wirasa 
D. wirama 

20. Maca geguritan kudu nggatekake wirama.
Wirama tegese…..
A. Anggone maca pangucape kudu cetha
B. Banter alone lan munggah mudhune swara
C. Obahing perangan awak lan polatan kang kudu luwes
D. Penjiwaan/penghayatan kang dilarasake karo isine geguritan

21. Semana uga ing babagan peranganing awak kudu luwes, ora kaku, laras/jumbuh karo isine geguritan, ateges kudu nggatekake bab…..
A. wiraga 
B. wicara
C. wirasa 
D. wirama

22. Supaya dadi karya sing becik lan endah mula panulise geguritan kudu nggatekake bab- bab kaya kang disebutake ing ngisor iki, kejaba……..
A. Nggunakake basa rinengga
B. Milih tembung- tembung kang pantes lan mentes 
C. Nggunakake purwakanthi, wangsalan lan parikan 
D. Nggatekke guru lagu, guru wilangan lan guru gatra

Kanggo soal nomer 23-24
Padhang rembulan purnama
Padhang jingglang tanpa mega, kadya rina
Kabeh katon ngegla, cetha, wela-wela
Duk rikala semana
Bocah-bocah padha suka gumbira
Jelumpet, jethungan, jamuran, cublak-cublak suweng, dakon
Akeh kanca kabeh guyub rukun agawe santosa

23. Pethikan geguritan ing dhuwur wirasane……..
A. nyusahake 
B. nrenyuhake 
C. nyenengake
D. nyemangatake

24. Padhang rembulan purnama
Padhang jingglang tanpa mega, kadya rina
Ukara ing dhuwur tegese…….
A. Langit kang padhang banget amarga anane awan
B. Awan kang padhang banget amarga anane rembulan
C. Bengi kang padhang kaya awan amarga anane rembulan
D. Langit kang padhang banget amarga anane awan lan rembulan

25. Unen-unen kang kaya cangkriman nanging batangane wus cumepak ana ing kono, mung ora melok utawa ora ketara diarani…….
A. parikan
B. wangsalan 
C. cangkriman 
D. purwakanthi

26. Dene unen-unen kang dumadi saka rong ukara, ukara sepisan kanggo narik kawigaten, lan ukara kapindho minangka isi diarani….
A. parikan
B. wangsalan 
C. cangkriman 
D. purwakanthi

27. Jenang gula lho dhik, aja lali janjimu wingi.
Tembung “jenang gula” tegese……
A. glali 
B. sada 
C. kecap
D. bathok

28. Klapa mudha, leganana rasane atiku iki.
Tegese tembung “klapa mudha” saka wangsalan ing dhuwur yaiku…..
A. sujen 
B. degan 
C. krecek 
D. gudheg

29. Balung pakel, aja seneng alok-alok.
“Balung pakel” tegese…..
A. mlinjo 
B. pelok 
C. sada 
D. so

30. Ing ngisor iki kang kalebu parikan yaiku……
A. Jenang gula Mas, aja lali janjimu wingi
B. Alah bapak mbalung sate, uripku mung ijen
C. Duh Ibu mbalung janur, yen kersa paring usada
D. Nyangking ember kiwa tengen, lungguh jejer tamba kangen

31. Bisa nggambang, ora bisa nyuling.
…………………………………………………
Ukara kang jumbuh kanggo njangkepi parikan mau yaiku…..
A. Bisa jejer, nanging ora bisa nembung
B. Bisa nyawang, ora bisa nyandhing
C. Dadi murid, sing sregep sinau
D. Senenge, yen wis kepethuk

32. Sadurunge maca ana ing panggung, geguritan perlu dingerteni isine (ditafsirkan) luwih dhisik.
Kegiatan kaya mangkono diarani….
A. nggoleki purwakanthi
B. ngetung cacahe gatra
C. nggagapi isine geguritan
D. ngerteni sapa sing ngarang

33. Unjal ambegan landhung paling ora kaping telu, banjur maju kanthi ati teteg, madhep lan mantep.
Iku mau patrap supaya siyaga kanggo……
A. performance/penampilan
B. teknik vokal 
C. olah napas 
D. olah raga 

34. Sero lirihe swara kudu dijumbuhake karo kahanane ruangan.
Bab kaya mangkono kalebu ing…...
A. performace/penampilan
B. teknik vokal 
C. olah napas 
D. olah raga

35. Cara njupuk dhasaring swara kang paling apik nalika maca geguritan yaiku saka….
A. irung 
B. lambe 
C. dhadha
D. tenggorokan

36. Ing ngisor iki kalebu unsur kang gawe endahing geguritan, kejaba….
A. Nganggo tembung kang ora ana gegayutane karo bab sing dikandakake ing geguritan
B. Rerangkening tembung mengku purwakanthi kang endah
C. Makna tembung bisa nuwuhake pirang-pirang tafsiran
D. Mengku angen-angen/imajinasi kang jero

37. Wiraga kang apik nalika maca geguritan yaiku……
A. Ngobahake tangan lan sikil terus
B. Ndingklukake sirah madhep ngisor
C. Nggeleng-nggelengake sirah/gelang-geleng
D. Ngobahake awak saperlune jumbuh karo isine geguritan

38. Umume ing jaman biyen geguritan iku ing gatra sepisan diwenehi tulisan….
A. sun pangestu 
B. sun pamaos 
C. sun gegurit
D. sun wicara

39. Naliti kanthi tuntas isine geguritan iku padha karo…….
A. mbedhah geguritan
B. analisis kahanan
C. milih geguritan
D. gladhen maca

40. Ing ngisor iki kalebu pituduh cara gawe geguritan, kejaba…..
A. Nemtokake tema geguritan
B. Nemtokake irah-irahan geguritan
C. Nemtokake sing arep maca geguritan
D. Nemtokake purwakanthi sing pas kanggo geguritan

Kanggo soal nomer 41
Tansah nyuwun marang kang Maha Luhur
Amrih bisa urip makmur 
Manuk dara, mabur dhuwur 
Dadi siswa, kudu jujur

41. Pethikan ing ndhuwur ing perangan geguritan kalebu unsur kang awujud….
A. parikan
B. bebasan
C. wangsalan
D. cangkriman

42. Kok njanur gunung, kadingaren sliramu gelem dolan mrene.
“Njanur gunung” duwe teges…….
A. guru
B. aren 
C. baya 
D. degan

43. Nggodong garing, esuk-esuk kok wis nglaras.
Tegese “nggodhong garing” saka wangsalan ing dhuwur yaiku…..
A. krecek 
B. klaras 
C. pelok 
D. karuk

Kanggo soal nomer 44-46
Sumunare srengenge esuk iku 
Kayadene sumunare dina-dina liyane 
Katon abang mbranang ana wetan
Nanging kok rasane rada seje
Abange nengsemake
Endah wernane

44. Irah-irahan kang trep kanggo pethikan geguritan ing dhuwur yaiku……
A. Kembang Mlathi
B. Pacobaning Urip
C. Srengenge Esuk Iku
D. Pungkasane Taun Iki

45. Sumunare srengenge esuk iku.
Tembung “srengenge” saka pethikan geguritan iku tegese padha karo…..
A. awan 
B. surya 
C. bengi 
D. lintang

46. Katon abang mbrangan ana wetan.
Tegese tembung “abang mbranang” yaiku……
A. abang banget
B. abang ora cetha 
C. abang semu ireng 
D. abang rada kuning

47. Plesir sore, dina Ahad. Naksir kowe, akeh ragad.
Ukara ing dhuwur kalebu…….
A. cangkriman 
B. wangsalan 
C. paribasan 
D. parikan

48. Beyeme, wis kuning-kuning.
………………………………
Ukara kang trep kanggo njangkepi parikan ing dhuwur yaiku…..
A. Gumune, kok banget-banget
B. Senenge, nalika kepethuk 
C. Ayeme, nalika nyandhing 
D. Eseme, manis tenanan

Kanggo soal nomer 49-50
Kemulku sarung sarapanku jagung
Aku ora pinter gawe kidung
Ora wasis nulis ngetung
Amung bisa tetulung bapa biyung

49. Pungkasaning gatra pethikan geguritan ing dhuwur ngandhut unsur purwakanthi guru…..
A. basa 
B. swara 
C. sastra
D. lumaksita

50. Ora wasis nulis ngetung.
Tembung “wasis” tegese……
A. suwi 
B. angel 
C. pinter 
D. lumrah

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1. Gawea ukara kang mengku purwakanthi guru sastra! (2 wae)

2. Terangna tegese :
a. wicara 
b. wirama 
c. wiraga 
d. wirasa

3. Golekana batangane wangsalan ing ngisor iki!
a. Kembang jambu, ja kemaruk yen duwe ngelmu.
Kembang jambu = …………….
b. Cecak toya, den waspada mring ubaya.
Cecak toya = …………….

Kanggo soal nomer 4
Jaman
Dening : Muhammad Yamin M.S

Jaman geger aku ngungsi ketewer-tewer
Ndhelik sor ngemper
Ngerti-ngerti ketiban genter 
Alah bapak balung sate 
Uripku ijen-ijenan
Nong, ning, nong, neng, nong, ning, neng, nung
Rekasane urip jaman geger
Ati ora jenjem mangan ora tentrem
Turu ora bisa merem
Pating jledhor bedhil mriyem
Oh, Paiyem…. Paiyem, bojoku sing mati kaliren 
Bubar nglairake anak wadon nalika perang rame 
Mula bocah wadon mau dakjenengake “Rame”
Oh, Rame-Rame kowe saiki wis genti duwe anak lima semega-semega
Urip jaman merdika, enake apa-apa ana
Kliwat ngedan dadi brandhalan Omben-omben, mabuk-mabukan Tan ngerti bedhahing kamardikan
…………………………………..

(Pangilon, Antologi Geguritan FKY)

4. Apa wosing/isi saka pethikan geguritan kanthi irah-irahan “Jaman” ing dhuwur?

Demikian artikel tentang √ Soal PTS Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 2 K13 2021, Online. Semoga bermanfaat...
Advertisement

Baca juga:

Comment Policy: Silahkan tuliskan komentar Anda yang sesuai dengan topik postingan halaman ini. Komentar yang berisi tautan tidak akan ditampilkan sebelum disetujui.
Buka Komentar
Tutup Komentar