--> Skip to main content

Latihan Soal dan Jawaban USBN Bahasa Jawa SMP 2022

Hai Sobat, di kesempatan kali ini admin akan memberikan latihan soal USBN Bahasa Jawa dan kunci jawaban lengkap. Yang bisa digunakan secara umum untuk sobat yang sekolahnya berada di kurikulum 2013 atau KTSP.

Orang jawa tapi tidak mengenal basa jawa, lucu kan. Yapp, masing - masing daerah mempunyai naskah soal USBN berbeda beda. Karena admin merupakan orang jawa, latihan soal yang dibuat pasti ada yang berkaitan.

Kunci jawaban tersedia, dan model soal yang dibuat sudah menyesuaikan yaitu soal pilihan ganda dan uraian. Contoh soal ini bisa sobat jadikan bahan pembelajaran untuk mendapatkan nilai USBN SMP basa jawa yang bagus di tahun 2022 nanti.

Kecocokan bahan materi dan kisi - kisi antara kurikulum 2013 dan KTSP menjadikan latihan soal ini bisa digunakan untuk keseluruhan kurikulum 2013. Jadi tenang saja untuk sobat yang sekolahnya masih menggunakan KTSP.

Latihan Soal dan Jawaban USBN Bahasa Jawa SMP 2022

Latihan Soal dan Jawaban USBN Bahasa Jawa SMP 2022

Sedangkan dikarenakan alasa tertentu, admin tidak memperbolehkan copy paste artikel ini untuk kepentingan blog personal. Sedangkan untuk para guru yang ingin mempunyai file soal ini, admin sudah menyediakannya dalam bentuk file PDF yang bisa anda download di bagian bawah latihan soal ini.

Okelah, tanpa basa basi lagi. Selamat mengerjakan

Soal Pilihan Ganda


1. Gatekna teks pawarta ing ngisor iki!
Dinten Minggu warga padukuhan Sidomulyo, Bakung Blitar ingkang racakipun inggih para priya tumut kerja bakti ndamel paving konblock ing Pondok Lirboyo Cabang Bakung. Konblock menika dipundamel saking campuran pasir lan semen ingkang salajengipun dipuncithak lan dipunpepe ngantos garing. Ketua RW Dukuh Sidomulyo, Agus Suyudi mratelakaken kerja bakti kados mekaten inggih ajeg dipuntindakaken saben Minggu. Dene ancasipun inggih kangge nggantos konblock ingkang risak dateng sauruting margi ing padhukuhan. Awit winatesing ragat, pramila warga gotong royong ndamel konblock dene ragatipun dipundhutaken saking iuran warga padhukuhan Sidomulyo ing saben wulanipun.
Sing dadi isi bakune pawarta ing ndhuwur yaiku ....
A. Saben dina Minggu warga dukuh Sidomulyo kerja bakti gawe paving.
B. Sing diarani konblock iku pasir dicampur semen sing dicithak lan dipepe.
C. Warga dukuh Sidomulyo, kecamatan Bakung Blitar akeh-akehe priya.
D. Ragat kanggo gawe konblock dijupukake saka iuran warga saben sasine. 

Jawaban : A

2. Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!
(
1) Cacah 7 saka 9 petugas sing lagi ngayahi jejibahan patroli tiwas sanalika. Kedadeyane, nalika salah sijine anak buwah kapal arep nguripake genset kanggo mbacutake patroli, ujug-ujug kapal kasebut njeblug banjur kerem ing dhasaring segara.
(2) Direktur Jendral Bea Cukai, Agung Kuswandono masthekake, njebluge kapal patroli mau murni merga kacilakan wektu gensete arep diuripake.
(3) Para petugas sing dadi korban kuwi pinuju nindakake patroli rutin kanggo ngawekani penyelundhupan barang liwat jalur segara.
(4) Kapal patroli duweke kantor Bea Cukai Belawan, Medan kanthi nomer lambung BC-15001 njeblug ing pesisir Labu, Deli Serdang, Jemuah (15/7) bengi.
Ukara-ukara ing ndhuwur supaya bisa dadi paragraf sing becik, urutane sing paling trep yaiku ....
A. (2), (3), (4), (1)
B. (4), (3), (1), (2)
C. (2), (4), (3), (1)
D. (4), (1), (2), (3) 

Jawaban : B

3. Gatekna pethilan teks tokoh idhola ing ngisor iki!
I
ndrojoyo Kusumonegoro utawa biasa disebut kanthi jeneng Indro lair ing Purbalingga, 8 Mei 1958 mujudake sawijine pendhagel (komedian) legendharis ing Indonesia. Dheweke uga sawijine aktor kawakan lan anggota saka grup lawak “Warkop DKI” sing terkenal ing Indonesia nalikane taun 1980-1990. Dheweke tau njabat dadi ketua pakumpulan sepedhah montor ing Indonesia, lan uga tau ngedegake pakumpulan artis lan pelawak Indonesia lan dadi ketuane. Senajan wis kelangan pasangan nyambut gawene yaiku: Wahyu Sardono (Dono) dhek taun 2001 lan Kasino Hadiwibowo (Kasino) dhek taun 1997, dheweke isih tetep nindakake profesine kanthi temenan.
Andharan ing ngisor iki sing isine cocok karo pethilan teks ing ndhuwur yaiku ....
A. Wahyu Sardono biyen tau dadi ketua pakumpulan sepedhah montor ing Indonesia.
B. Indrojoyo Kusumonegoro mujudake pelawak legendharis saka grup “Warkop DKI”.
C. Kasino Hadiwibowo (Kasino) ngedegake pakumpulan artis lan pelawak Indonesia.
D. Sing dadi ketua pelawak Indonesia taun 1980-1990 yaiku Indrojoyo Kusumonegoro. 
Jawaban : B

4. Gatekna pethilan teks tokoh idhola ing ngisor iki!
Gesang sing asma jangkep Gesang Martohartono lair ing Surakarta, Jawa Tengah, 1 Oktober 1917 (seda ing Surakarta, Jawa Tengah, 20 Mei 2010 nalika yuswa 92 taun) mujudake penyanyi lan pangripta lagu asal Indonesia. Dikenal minangka maestro keroncong Indonesia, panjenengane uga kondhang lumantar lagu Bengawan Solo asil karangane, sing wis moncer nganti sa-Asia, utamane ing Indonesia lan Jepang. Lagu Bengawan Solo asil ciptaane saora-orane wis diterjemahake jroning 13 basa (kalebu basa Inggris, basa Rusia, basa Tionghoa, lan basa Jepang.
Andharan ing ngisor iki sing isine cocok karo pethilan teks ing ndhuwur yaiku ....
A. Lagu Bengawan Solo diciptakake Gesang dhek taun 2010.
B Gesang iku kejaba penyanyi uga pangripta lagu asal Indonesia.
C. Lagu Bengawan Solo asil ciptaane iku ora oleh diterjemahake.
D. Penyanyi uga pangripta lagu asal Indonesia diarani maestro. 
Jawaban : D

5. Gatekna pethilan teks crita wayang ing ngisor iki!
Nganti saiki paukuman sing kudu dialami dening para Pandhawa mung kari setaun yaiku dhedhelikan ing salah sawijine negara. Para kadang Pandhawa wis nduweni tekad kang golong gilig anggone padha arep tapa dhedhelikan ing negara Wiratha lan suwita marang ngarsane Prabu Matsyapati. Wekasane para Pandhawa banjur tumuju menyang negara Wiratha. Nalika para Pandhawa wis nyedhaki ing panggonan kang tinuju, sakabehane gegaman didhelikake ing sanjerone wit kang gedhe.
Sing dadi settinge jroning crita wayang ing ndhuwur yaiku ....
A. ing alah sawijine negara
B. ing negara Wiratha
C. ing ngarsane Prabu Matsyapati
D. ing sanjerone wit kang gedhe 

Jawaban : B

6. Gatekna pethilan teks crita wayang ing ngisor iki!
N
alika ngadhep ing ngarsane Pandhita Durna, Bima kadhawuhan menawa tirta perwita sari iku dumunung ing alas Tikbrasara. Sabanjure Bima pamitan marang Duryudana lan Pandhita Durna ninggalake negara Ngastina tumuju menyang alas Tikbrasara. Sawise tekan ing gunung Candradimuka. Bima nggolek banyu suci tirta perwita sari sarana mbongkari watu-watu ing njerone guwa. Dumadakan ketemu karo raseksa loro Rukmuka lan Rukmakala. Bima pancakara karo raseksa loro mau, nanging raseksa loro iku kasil disirnakake dening Bima. Sasirnane raseksa loro mau manjelama dadi Bathara Indra lan Bathara Bayu. Bima krungu swara tanpa rupa sing isine supaya Bima bali menyang negara Ngamarta jalaran ing panggonan kono ora ana dununge tirta perwita sari. Wusanane Bima bali menyang negara Ngastina.
Sing dadi amanat utawa pesen moral jroning crita wayang ing ndhuwur yaiku ....
A. jejering murid kudu wani marang gurune
B. wong tuwa kudu gelem ndhidhik putrane
C. dadi murid kudu mituhu dhawuhe guru
D. manungsa urip kuwi kudu nyambut gawe
Jawaban : C


7. Gatekna teks geguritan ing ngisor iki!

Kitir iki Isi panantangku marang wengi Sing kebacut anggone nguja sepi Dolanan swarane asu baung nggegirisi Wujud pangundhamanaku marang awang-awang Sing kebacut brangasan Ngrentengi lintang, nguntal rembulan Srana gugatku marang isen-isening jagad Sing pijer royokan brekat Tan keguh njaluk ruwat
Rasa kaendahan kang kinandhut jroning geguritan ing ndhuwur dumunung ing ….
A. cacahing gatra sing katulis jroning geguritan
B. wewujudane (tipografine) jroning geguritan
C. pamilihing lan penganggone purwakanthi
D. pamilihing tembung kang angel dingerteni

Jawaban : C

8. Gatekna teks geguritan ing ngisor iki!

Tumetesing ludira tan kendhat
amblarah abang
nelesi bantala
dhadha pecah tinembus mimis
bangke gumlethak amblasah
Surabaya geger kepati-pati
Surabaya banjir rajapati
Kahanan utawa swasana kang kagambarake jroning geguritan ing ndhuwur yaiku ....
A. Nalikane perang kahanane nggegirisi.
B. Surabaya saiki kahanane saya rame.
C. Swasanane ati trenyuh merga welas.
D. Wong sing keweden weruh wong mati. 

Jawaban : A

9. Gatekna teks geguritan ing ngisor iki!

Wanci siyang sangsaya krasa
Panasing surya mbakar driya
Dleweran kringet tambah ndadra
Luru rejeki rana-rana
Nanging sing ditampa ora mingsra
Laraning lara tanpa pangupa jiwa
Ewon cacahe kang padha nandhang sangsara
Arep takon apa sebabe menyang sapa ....
Isi kang kinandhut jroning geguritan ing ndhuwur yaiku ....
A. Sengsarane wong nyambut gawe golek pengasilan.
B. Rasa seneng nalika wis bisa nyambut gawe dhewe.
C. Rasa bingunge wong tuwa nalika duwe anak akeh.
D. Mangsa ketiga sing nyebabake tuwuhing bebaya.
Jawaban : A

10. Gatekna teks tembang macapat ing ngisor iki!

Yen ditilik saka paugerane (guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu) tembang ing ndhuwur tembang 1 lan tembang 2 kanthi urut kalebu jenise tembang ....
A. Kinanti; Pucung
B. Gambuh; Kinanthi
C. Kinanthi; Mijil
D. Mijil; Kinanthi 

Jawaban : C

11. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!

Kadi denira Hyang arka,
sumunar purnama sidhi,
akarya padhanging jagad,
sinawang ngelam-elami,
pepasren wus pinasthi,
jroning endah wanci dalu,
nganggit ponang gurita,
wahyaning sesanti wengi,
ingkang geleng gumolong sajroning nala.
Isi bakune tembang macapat ing ndhuwur yaiku ….
A. padhange rembulan njalari wong bisa ngarang tembang.
B. nalikane wayah purnama sidhi aja padha dolanan ing latar.
C. yen ngarang tembang kidung kudune ing kahanan kang sepi.
D. kahanan ing wektu purnama sidhi kuwi medeni banget.

Jawaban : A

12. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!

Jago kluruk rame kapiyarsi, lawa kalong luru pandhelikan, jrih kawanen ing semune, wetan bang sulakipun, mratandhani wus bangun enjing, rembulan wus gumlewang, ing pucaking gunung, ing padesan wiwit obah, lanang wadon pan samya anambut kardi, netepi kuwajiban.
Nilai kautaman kang kinandhut jroning tembang macapat ing ndhuwur yaiku ….
A. kanggo netepi kuwajiban kudu sregap nyambut gawe.
B. yen nyambut gawe bisaa niru patrape lawa lan kalong.
C. wong nyambut gawe kuwi becike esuk nganti sore.
D. wong tumindak becik iku kanggo netepi kuwajiban. 

Jawaban : A

13. Gatekna pethilan teks crita rakyat ing ngisor iki!
Wektu isih tengah wengi. Rara Anteng gage-gage nggugah ibune lan para wanita tangga kiwa tengene. Kabeh diajak ngobong damen. Merga warga desa padha ngobong damen, saka sisih wetan wis katon padhang kaya wis wancine esuk. Ora mung iku wae, kanca-kancane padha dijak nutu pari nganti keprungu swarane lesung “thak ..., thek ..., thak ..., thek ...,” keprungu banter swarane lesung. Ora watara suwe uga keprungu swarane jago kluruk kanthi genti-genten.

Para warga desa uga padha tangi senajan ta kanthi aras-arasen, “Ketoke durung isuk, garis putih ing sisih wetan isih durung ketok. Nanging geneya kok wis ana jagokluruk?” umyege para pendhudhuk jalaran rumangsa gumun. 
Sing dadi setting utawa latar jroning crita rakyat ing ndhuwur yaiku ….
A. ing taman kaputren
B. ing karang padesan
C. lingkungan kraton
D. ing sajrone asrama 

Jawaban : B

14. Gatekna pethilan teks crita rakyat ing ngisor iki!
Endang Retnowati iku putrane Prabu Brawijaya ing Majapait. Kejaba ayu rupane, tangkepe uga grapyak semanak marang sapa wae. Babar pisan ora mbeda-mbedakake drajad lan pangkat.

Akeh nom-noman kang kesengsem karo Endang Retnowati. Ora sethithik para Pangeran lan putra ratu sing kepengin ngepek putri Majapait mau minangka garwa. Ewadene ora ana siji wae sing bisa ngrebut atine Endang Retnowati.
Sing dadi paraga utama jroning crita rakyat ing ndhuwur yaiku ….
A. Prabu Brawijaya
B. Prajurit Majapahit
C. Pangeran Adhipati
D. Endang Retnowati 

Jawaban : D

15. Gatekna pethilan teks crita cekak ing ngisor iki!
Biyen aku nate nawani Pak Wiryo, supaya anake nyambut gawe neng pabrik nggonku. Kebeneran nalika kuwi unitku butuh karyawan anyar. Aku malah ngomong yen anake mesthi ditampa, awit sing nggawa aku. Ora usah nggawe lamaran. Karepku nulung Pak Wiryo, tinimbang anake nganggur.
"Golek gaweyan saiki angel lho Pak."
"Wong tiyange tesih sekolah kok Mas."
"Rak wis lulus SMA ta?"
"Lha nyuwun kuliah niku Mas. Ning, niki jarene mpun ajeng nulis napa ... niku, skripsi napa, ... Duka napa jenenge.”
Paraga utamane jroning crita cekak ing ndhuwur yaiku ….
A. Pak Wiryo
B. Aku
C. Anake Pak Wiryo
D. Karyawan 

Jawaban : C

16. Gatekna pethilan teks crita cekak ing ngisor iki!
Srengenge durung katon njedhul, nanging semburat abang ing sisih etan wus katon mbranang. Manuk-manuk pating bleber mangkat golek pangan ninggalake anak-anake sing isih cilik-cilik, pating cruwit nguntapake lungane biyunge, kanthi pangarep-arep gek ndang mulih terus ngloloh dheweke. Mengkono uga para manungsa kang duwe pakaryan bakul menyang pasar. Padha nggendhong tenggok munjung-munjung isi dagangan. Kabeh padha ngajab, muga-muga laris, entek dagangane, mulih kari nggawa tenggok kosong lan lembaran-lembaran rupiyah.
Adhedhasar pethilan crita ing ndhuwur, yen dijumbuhake karo kahanan panguripane wong jaman saiki sing isih cocog yaiku ….
A. Saben esuk ing desa apadene ing kutha isih akeh manuk sing pating cruwit olehe ngoceh.
B. Jaman saiki wis ora ana blas wong sing gelem nyambut gawe bakulan menyang pasar.
C. Kabeh bakul mesthi padha ngajab supaya dagangan sing didol laris saengga oleh bathi akeh.
D. Saben wong bakulan ing ngendi-endi panggonan mesthi digendhong wadhahe tenggok.
Jawaban : C

17. Gatekna pethilan teks crita cekak ing ngisor iki!
“Ana apa Mas, kok nangis ing kubure eyang?”
“Oalah, dhiiik, kaya ngene dadine uripku. Dhuwit nem atus yuta saka nggonmu kae entek ludhes. Karepku mono pengin urip mapan. Gandheng aku wis ndhudha meh wolung taun, mangka ponakanmu wis prawan, mesthine sedhela maneh dipek nguwong. Aku ki rabi, dhik. Wonge pancen ayu, memper artis Neno Warisman kae lo dhik. Wonge ya jilbaban barang. Nanging patrape kok jebul kosok balen karo Mbak Neno. Njaluk digawekne omah lan ditukokne mobil anyar. Ngakune dadi modhel. Jebul modhel pemeras terselubung. Bareng dhuwitku entek, aku dicuthik kaya cacing, digusah kaya kirik gudhigen. Mulih saka Yogja tekan makam iki mung mlaku merga ora nyekel dhuwit sacuwil-cuwila. Dhik, apa aku iki kena walake para leluhur, merga aku ngremehake lan ora gelem rumeksa musaka budaya warisane para leluhur?”
Swasana kang kagambarake jroning crita ing ndhuwur yaiku ….
A. nrenyuhake banget jalaran kedadeyan sing dialami ora kanyana-nyana.
B. melas banget merga apa sing dipengini kaya-kaya ora bisa kasembadan.
C. nggambarake wong sing wis ora duwe daya merga saka polahe dhewe.
D. medeni banget merga kedadeyan sing dialami manggon ing kuburan.

Jawaban : A

18. Gatekna Ukara-ukara ing ngisor iki!
(1) Wus dumugi titi wanci kang pinasthi, ana titahing Gusti nindakaken palakrami.
(2) Para wadya bala anggone ngamuk pungggung sura tan taha, nirbaya nirwikara.
(3) Nuwun, dhumateng sangghyaning para rawuh ingkang dahat kinurmatan!
(4) Wis teka wektu sing ditemtokake, manten loro-lorone dituntung tmuju kwadhe.
(5) Pra tamtama anggennya lumaksita magita-gita, tumuju madyaning palagan.
Ukara-ukara ing ndhuwur sing kalebu basa rinengga yaiku ukara nomer ….
A. (1), (2), (3), lan (5)
B. (1), (3), (4), lan (5)
C. (2), (3), (4), lan (5)
D. (1), (2), (3), lan (4)

Jawaban : A

19. Gatekna ukara ing ngisor iki!
Ing tengahing wengi rembulane pas manjer neng tengah-tengah, pating clorote sunare lintang njalari ramene kahanan ing langit.
Ukara ing ndhuwur yen diowahi dadi basa rinengga ….
A. Ing madyaning sasana rinengga sunaring sang sasadara ngrenggani endahing pawiwahan saha kahanan.
B. Ing madyaning rahina, sang bagaskara sampun manjer kawuryan aweh pralampita, sunaring kartika katon mencorong.
C. Ing madyaning ratri sasadara wus manjer kawuryan, sunaring kartika katon pating gebyar lan pating calorot.
D. Ing madyaning ratri bagaskara asung pakurmatan mring para warga, semono uga culmlorote sang kartika. 

Jawaban : C

20. Gatekna andharan ing ngisor iki!
Pak Paidi kuwi nganti saiki uripe katon rekasa banget jalaran kakehan anak. Anake lima cilik-cilik tur isih semega kabeh (isih seneng-senenge mangan), Pak Paidi dhewe nyambut gawene ora ajeg. Pengasilane kurang. Saben dina sambate ora karu-karuwan mikir golek pangan kanggo anake.
Saka gegambaran jroning crita ing ndhuwur jumbuh karo basa rinengga ….
A. Anak polah bapa kepradhah.
B. Kebo bulke mati setra.
C. Kriwikan dadi grojogan.
D. Kebo kabotan sungu. 

Jawaban : D

21. Andharan ing ngisor iki sing jumbuh karo unen-unen utawa paribasan “cebol nggayuh lintang” yaiku ….
A. Pak Hadi saiki malih moncat-mancit ngurusi putrane sing kesandhung masalah, jalaran arepa dikayangapa jejere dadi wong tuwa iku yen putrane kena masalah wong tuwa isih tetep melu repot.
B. Kowe kuwi yen duwe pepenginan mbok ya aja kaya mangkono. Duwe pepengingan apa wae jumbuhna karo kahananmu, aja njaluk pepenginan sing sekirane mokal lan angel kelakone.
C. Mas Hartono kae pancen salah kedaden, saupama manut karo kandhaku mesthi ora kaya ngene kedadeyane. Mosok perkara sepele wae kok digedhek-gedhekake, akhire malih dadi kaya ngene iki.
D. Pak Karji saiki ketoke wis mupus olehe nuturi anake. Anake kuwi pancen rada lumayan, yen dituturi bapake ora tau nggubris jalaran bola-bali dituturi tetep wae malah dikandhani sakecap wangsulane limang kecap. 

Jawaban : B

22. Gatekna gambar iklan ing ngisor iki!
Yen dideleng saka jinise, iki kalebu jinise iklan ….
A. komersial
B. wara-wara
C. pariwara
D. layanan masyarakat 

Jawaban : D

23. Gatekna layang ulem ing ing ngisor iki!

Winantu sagunging pakurmatan,
Kanthi hangajab ridanipun Gusti Ingkang Maha Agung, kula badhe ngintanaken anak kula ingkang nomer kalih, pramila Panjenengan kula aturi rawuh benjang,
dinten : Akad Wage
katiti mangsa : 29 April 2018
wekdal : tabuh 19.00 wekdal Indonesia iring kilen
panggenan : ing gedhung “Sasana Kridha” Jl. Raya Tawangsari Garum
kaperluan : walimatul khitan
....
Panutupe layang ing ndhuwur sing paling trep yaiku ….
A. Mujudaken satunggaling kabagyan tumrap kula sakeluwarga bilih Panjenengan kersa rawuh saperlu paring berkah idi pangestu. Awit saking rawuh panjenengan kula aturaken agenging panuwun.
B. Cekap semanten serat saking kula, hambokbilih wonten klenta-klentunipun anggen kula nyerat, kula nyuwun agunging sih samodra pangaksami. Matur sembah nuwun saking kawigatosanipun.
C. Kula kinten boten perlu kula panjang lebaraken serat saking kula, ingkang baku rawuh panjenengan ingkang kula rantos. Bilih wonten kalepatan kula nyuwun agunging sih samodra pangaksami.
D. Mujudaken satunggaling kuwajibanipun tiyang sepuh dhumateng putranipun jaler bilih sampun titi wancinipun kedah dipunkhitaaken. Wasana cekap semanten nyuwun pangapunten saking sedaya kalepatan. 

Jawaban : A

24. Gatekna pethilan layang ing ngisor iki!

Jember, 30 Agustus 2017
Kanggo
Bapak lan Ibu
ing ngomah
Panulise adangiyah ing ndhuwur sing paling trep kudune ….
A. Kagem
Bapak lan Ibu sing taktresnani
ing dalem
B. Mugi katur
Dhumateng Bapak saha Ibu
ing dalem
C. Kagem
Bapak saha Ibu
ing ngomah
D. Mugi katur
Dhumateng Bapak lan Ibu
ing ngomah 

Jawaban : B

25. Gatekna pethilan layang ing ing ngisor iki!
Mas Handoko sing daktresnani
( ... )
Aku kepengin ngomong karo Mas Handoko menawa aku wis kangen banget karo sampeyan, Mas. Wis patang taun sampeyan ora mulih. Aku ngerti Mas Handoko iki golek dhuwit kanggo nyukupi kebutuhane keluwarga. Takjaluk Mas Handoko mbok ya cepet-cepet mulih jalaran Bapak karo Ibuk uga wis kangen.
Cukup sakmene layang saka aku, mbok menawa ana kaluputan aku njaluk ngapura. Sepisan maneh takjaluk Mas Handoko cepet-cepet muliha!

Pambukane layang ing ndhuwur sing paling trep yaiku …. 
A. He Mas Handoko, Kepriye kabare? Geneya sampeyan kok ora tau mulih, apa ora kangen karo wong ngomah? Ngertenana ya Bapak karo Ibu kangen karo sampeyan.
B. Lumantar layang iki, takjaluk kanthe banget muga-muga Mas Handoko cepet-cepet mulih jalaran Bapak lan Ibu wis kangen banget. Semono uga aku, aja lali oleh-olehe.
C. Halo, Mas Handoko piye kabare? Takwenehi ngerti ya lek kabarku ing Blitar kabeh ya sehat, nanging ngertenana Bapak lan Ibu wis kangen, Kapan sampeyan mulih?
D. Kanthi layang iki aku aweh kabar menawa kahananku sakeluwarga ing Blitar tansah ginanjar sehat. Takjaluk Mas Handoko semono uga tansah antuk berkahing Gusti. 

Jawaban : D

26. Gatekna andharan ing ngisor iki ing ngisor iki!
Kiki kirim layang marang wong tuwane lan matur menawa dheweke ora bisa mulih jroning liburan semester iki jalaran arep nganakake rekreasi menyang Bromo bareng karo kanca-kancane merga oleh tugas gawe laporan kegiyatan.
Ukara isine layang adhedhasar andharan ing ndhuwur sing paling trep yaiku ….
A. Bapak saha Ibu, kadospundi kawontenan panjenengan? Rak sami tansah ginanjar rahayu wilujeng ta? Nyuwun pangapunten benjang liburan semeter kula boten saget wangsul amargi badhe ngawontenaken kegiyatan rekreasi dhateng Bromo kaliyan rencang-rencang awit angsal tugas kangge nulis laporan kegiyatan.
B. Kejawi saking punika kula badhe ngaturi pirsa dhumateng Bapak saha Ibu bilih liburan semester ngajeng punika kula boten saget wangsul amargi badhe ngawontenaken kegiyatan rekreasi dhateng Bromo kaliyan rencang-rencang awit angsal tugas kangge nulis laporan kegiyatan.
C. Kula kinten namung cekap semanten ingkang saget kula aturaken dhumateng Bapak saha Ibuk ing dalem. Ingkang baku bilih liburan semester ngajeng kula boten saget wangsul amargi kula badhe ngawontenaken kegiyatan rekreasi dhateng Bromo kaliyan rencang-rencang awit angsal tugas kangge nulis laporan kegiyatan.
D. Bapak saha Ibuk, kla wonten ing Surabaya tansah ginanjar rahayu wilujeng boten wonten alangan menapa-menapa. Dene wosing atur bilih benjang liburan kula boten saget wangsul amargi badhe ngawontenaken kegiyatan rekreasi dhateng Bromo kaliyan rencang-rencang awit angsal tugas kangge nulis laporan kegiyatan.
Jawaban : B

27. Gatekna layang kiriman ing ngisor iki!
Kanggo Kancaku: Prisma
Saiki aku wis nunggu ing parkiran, cepet metua!

Saka aku 
Dafa. 
Yen dideleng saka isine layang ing ndhuwur kalebu jinise layang ….
A. kitir
B. lelayu
C. ulem
D. dhawuh 

Jawaban : A

28. Gatekna perangane layang ing ngisor iki!
Lumantar serat punika kula ngaturi kabar bilih kawontenan kula ing Kediri tansah ginanjar rahayu wilujeng boten wonten alangan setunggal punapa. Kadospundi kahanan Bapak lan Ibu ing ndalem? Mugi-mugi Gusti Allah tansah maringi kanugrahan lan kasarasan dhumateng Bapak saha Ibu.
Perangane layang ing ndhuwur mujudake ….
A. adangiyah
B. titi mangsa
C. purwaka
D. panutup 

Jawaban : C

29. Gatekna teks layang ing ngisor iki! 




Jawaban : A

30. Kesenian drama tradhisional kaya kang dituduhake jroning gambar ing sisih tengen iki mujudake kesenian khas saka Jawa Timur, moncer ing wilayah Surabaya, Malang, lan Mojokerta. Ciri khase mesthi diwiwit anane tari ngrema. ]

Kesenian tradhisional iki jenenge ....
A. kethoprak
B. janger
C. ludruk
D. wayang 

Jawaban : C

31. Struktur teks drama kang mujudake tata urutan crita ing naskah/pagelaran, kawiwitan saka pengenalan tokoh utamane, tuwuhing masalah kang dialami tokoh utama, ngrembakane masalah kang saya ngambra wara nganti bledhose perkara, wusana tinemu dalan kanggo mungkasi crita diarani ....
A. alur
B. tema
C. setting
D. amanat 

Jawaban : A

32. Gatekna perangane teks tanggap wacana ing ngisor iki!
Puja puji syukur konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng panjenengan lan kula ingkang arupi kesehatan jasmani lan rokhani, saengga ing wekdal punika kita sedaya saged ngawontenaken pepanggihan kangge ngrembag bab kaleksananing lomba karesikan lingkungan.
Perangane tanggap wacana ing ndhuwur mujudake ….
A. dudutan
B. purwaka
C. surasa basa
D. pangarep-arep 

Jawaban : B

33. Gatekna perangane teks tanggap wacana ing ngisor iki!
Mekaten sekedhik andharan ingkang saged kula aturaken mbokbilih anggen kula matur wonten kekiranganipun saha kirang mranani ing penggalih panjenengan, kula namung nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Wasana kula pungkasi bilait taufiq wal hidayah wassalamu’alaikum warohmatullohi wabarokaatuh.
Perangane tanggap wacana ing ndhuwur mujudake ….
A. pambuka
B. panutup
C. surasa basa
D. pangarep-arep 

Jawaban : B

34. Gatekna perangane teks tanggap wacana ing ngisor iki!
Bapak Kepala Desa ingkang dahat kinurmatan,
Bapak-bapak Perangkat desa saha para pamong praja ingkang kula kurmati ugi,
Para Bapak, Ibu lan para ingkang sampun kepareng rawuh, sarta
Para mudha tumaruna anggota karang taruna ingkang kula tresnani.
Perangane tanggap wacana ing ndhuwur mujudake ….
A. surasa basa
B. salam pambuka
C. pambuka
D. panutup

Jawaban : B

35. Jroning crita pewayangan, sing dadi pamomonge para Pandhawa iku diarni Punakawan.
Gambar ing ngisor iki sing diarani Punakawan yaiku ….

Jawaban : D

36. Jroning crita pewayangan ing lakon Brubuh Ngalengka, tpkoh sing dadi senapati lan mbiyantu pasukane Ramawijaya yaiku Anoman.
Gambar ing ngisor iki sing diarani Anoman yaiku ....

Jawaban : D

37. Struktur teks laporan kegiyatan kang isine andharan ngenani jeneng kegiyatan, wektu lan panggonane, peserta lan panitia, sarta andharan bab asil kegiyatan jroning struktur teks laporan kegiyatan diarani .…
A. pambuka
B. isi
C. panutup
D. saran

Jawaban : B

38. Nalikane budhal sekolah banmu bocor ing tengah dalan. Akhire kowe ndadak golek tukang tembel ban. Krana kedadeyan kuwi olehmu mlebu kelas kowe telat wis kedhisikan dening gurumu. Apa sing kudu kokucapake marang gurumu nalikane kowe nyuwun ijin mlebu kelas arep melu pelajaran?
A. Nuwun sewu Pak/Bu, mesthinipun panjenengan sampun ngertos bilih ban kula kalawau bocor ing tengah margi. Menawi sakmenika kula badhe tumut pelajaran, kula menapa kedah nyuwun ijin?
B. Nyuwun pangapunten Pak/Bu, sakmenika kula telat amargi nalikanipun bidhal sekolah kalawau ban kula bocor. Pramila saget boten saget panjenengan kedah maringi ijin kula tumut pelajaran.
C. Nuwun sewu Pak/Bu, nyuwun pangapunten ingkang agung amargi ban kula kalawau bocor ing tengah margi pramila kula telat. Menapa pareng kula nyuwun ijin mlebet kelas badhe ndherek pelajaran?
D. Nyuwun pangapunten Pak/Bu, nalikanipun bidhal sekolah ban kula bocor wonten tengah margi, akhiripun kula telat mlebet kelas. Menawi panjenengan boten pitados panjenengan tangklet rencang kula! 

Jawaban : C

Soal Uraian

41. Gatekna pethilan teks crita cekak ing ngisor iki!
Ing desa Sawentar ana kegiyatan grebeg Sawentar kang awujud arak-arakan utawa pawai budaya lan kirab pusaka sing diarak saka kantor desa tumuju candhi Sawentar wiwit jam wolu nganti jam setengah sewelas awan. Acara grebeg iki dianakake kanggo mengeti Dina Kesaktian Pancasila, 1 Oktober 2016 lan kanggo nukulake jiwa nasionalisme pemuda saiki sing wis meh luntur. Miturut Ketua Panitia, Jaelani Nurhadi jroning adicara iki uga disengkuyung dening para budayawan saka Malang, Kediri, lan Tulungagung. Panjenengane ngaturake gunging panuwun marang sapa wae sing wis paring pambiyantu.
Saka teks ing ndhuwur, tulisen isine pawarta kasebut adhedhasar paugeran 5 W + 1 H!
Jawaban : 
a. Apa : Grebeg Sawentar
b. Sapa : para warga Ketua Jaelane Nurhadi
c. Kapan : tanggal 1 Oktober 2016
d. Ing ngendi : saka Kantor Desa nganti candhi Sawentar
e. Kepriye : pawai utawa arak-arakan
f. Geneya : kanggo ngguyubake warga


42. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!

Tutur bener puniku, Sayektine apantes tiniru, Nadyan metu saking wong sudra papeki, Lamun becik nggone muruk, Iku pantes sira anggo.
a. Tulisen guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang kasebut!
b. Tulisen isi bakune tembang kasebut!
Jawaban : 
a. Guru gatrane ana 5,
Guru wilangan lan guru lagune: 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
b. Isine tembang
Sakabehing pitutur sing becik lan bener iku perlu
ditiru senajan ta sing nuturi wonge ala nanging yen pituture becik kudu dienggo utawa diturut.


43. Terangna maknane utawa tegese sesanti “ing ngarsa sung tuladha”!
Jawaban : 
Jejere dadi pemimpin iku yen ing sangarepe wong sing dipimpin kudu bisa menehi conto.

44. Ukara ing ngisor iki unggah-ungguhe isih salah, benerna manut unggah-ungguh basa sing trep!
Pak guru iki mau olehe teka rada awan, Adi diceluk menyang kantor dikongkon njupuk buku paket. 
Jawaban : 
Pak guru iki mau olehe rawuh rada awan, Adi ditimbali menyang kantor diutus njupuk buku paket.

45. Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!
Kowe aja kesusu grusa grusu mengko mundhak kleru.
Jawaban : 


Latihan Soal dan Kunci Jawaban USBN Basa Jawa SMP 2022 K13 dan KTSP, DOWNLOAD


Demikian artikel tentang Latihan Soal dan Kunci Jawaban USBN Basa Jawa SM`P 2022 K13 dan KTSP, jika ada jawaban yang sekiranya salah sobat bisa memperbaikinya di bawah artikel ini. 

Kalau bermanfaat, jangan lupa shara ya!!
Advertisement

Baca juga:

Comment Policy: Silahkan tuliskan komentar Anda yang sesuai dengan topik postingan halaman ini. Komentar yang berisi tautan tidak akan ditampilkan sebelum disetujui.
Buka Komentar
Tutup Komentar