--> Skip to main content

Latihan Soal PAS Bahasa Jawa SMP Kelas 7 Semester 1 2021 K13

Hai sobat, pada kesempatan kali ini admin akan membagikan Latihan Soal PAS Bahasa Jawa SMP Kelas 7 Semester 1 kurikulum 2013 revisi tahun pelajaran 2020/2021. Dengan jumlah keseluruhan BUTIR SOAL adalah 50 buah, tapi maaf karena tidak ada kunci jawaban yang menyertainya di dalam soal tersebut. 

Apa itu PAS?

PAS (Penilaian Akhir Semester) adalah istilah lain dari UAS pada penyelenggaraan kurikulum 2013 revisi. Jadwal pelaksanaan dari ujian tersebut disamakan dengan Ujian Akhir Semester 1. Biasanya di pertengahan bulan desember.

Bahasa jawa merupakan mata pelajaran mulok yang disesuaikan dengan daerah masing - masing. Jadi apabila sobat tidak tinggal di jawa, maka beda lagi ujiannya.

Materi PAS Bahasa Jawa SMP kelas 7 semester 1 kurikulum 2013 revisi  sudah admin sesuaikan dengan kisi - kisi dari satuan pendidikan yang menggunakan kurtilas tersebut.,.

Latihan Soal PAS Bahasa Jawa SMP Kelas 7 Semester 1 2021 K13

Latihan Soal PAS Bahasa Jawa SMP Kelas 7 Semester 1

Admin centralpendidikan.com menyediakan soal dalam bentuk online dan PDF yang bisa sobat download secara gratis. File PDF tersebut bisa sobat akses melalui aplikasi android dan komputer, di komputer admin rekomendasi menggunakan aplikasi foxit reader, karena sangat ringan dan tidak memakan RAM terlalu banyak.
.
Latihan Soal PAS Bahasa Jawa SMP Kelas 7 Semester 1 2021 K13 PDF, DOWNLOAD

Baiklah, langsung saja berikut ini adalah Latihan Soal PAS Bahasa Jawa SMP Kelas 7 Semester 1 2021 K13. Selamat mengerjakan.. 

Wacanen kang titi kanggo pitakon nomer 1lan2!

1. Gunung Bromo salah sawijining obyek wisata ing Jawa Timur sing nengsemake para wisatawan dhomestik lan wisatawan saka manca negara. (2) Gunung Bromo dumunung ing wilayah pamarentahan provinsi Jawa Timur. (3) Akeh panggonan kang nduweni pemandhangan sing endah ing wisata kasebut. (4) Ing pucuke Gunung Bromo katon kawah sing ajeg nyemburake geni lan kukus. (5) Sakliyane iku, uga ana segara wedhi kang jembare kurang luwih 10 km persegi. (6) Tumuju ing Pananjakan wisatawan bisa ndeleng sunrise sing sesawangane endah. (7) Nalika ngliwati segara wedhi bisa ndeleng bangunan papan ibadahe suku Tengger sing nggilut agama Hindu.

iturut strukturtek sdeskripsi, perangan pambuka saka wacan kasebut, ana ing ukara nomer....
A. 1 lan 2
B. 2 lan 3
C. 4 lan 5
D. 6 lan 7

2 Tema kang trep miturut wacan kasebut yaiku....
A. asal usul Gunung Bromo
B. obyek wisata Gunung Bromo 
C. agama sing ana ing Gunung Bromo
D. sunrise ing Gunung Bromo

Wacanen kang titi kanggo pitakon nomer 3-5!Kapal Tradisional “Spirit of Majapahit”

Kapal tradisional “Spirit of Majapahit” yaiku kapal tradisional kang nate dienggo dening Indonesia. Kapal kasebut uga dadi kapal kapindho kang nglayari samodra Indonesia. Modele kapal kasebut niru modhele kapal jaman krajan Majapahit ing abad 13 Masehi.

Kapal tradisional “Spirit of Majapahit” kelebu jinise kapal kang paling gedhe.Ukuran dawane kapal 20 meter, amba 4,5 meter, lan dhuwure 2 meter. Bahane kapal arupa 28,63 kibik kayu jati kang mligi ditekakake saka Tuban lan Sumenep. Kapal kasebut yasane ahli gawe kapal cacah 15 wong ing pesisir Slopeng.

3. Apa irah-irahan sing trep karo wacan ing dhuwur?
A. Kapal Majapahit 
B. Kapal Tradisional Sprit 
C. Kapal Tradisional “Spirit of Majapahit” 
D. Kapal Spirit Indonesia

4 Miturut struktur teks deskripsi, perangan kang kalebu deskripsi bagian, yaiku...
A. Kapal tradisional “Spirit of Majapahit” nate dienggo dening Indonesia. 
B. ukuran dawane kapal 20 meter, amba 4,5 meter lan dhuwure 2 meter 
C. Kapal tradisional “Spirit of Majapahit” nate dienggo Indonesia
D. Kapal kasebut uga dadi kapal kapindho kang nglayari samodra Indonesia.

5 Kibik kayu jati kang dienggo kanggo kapal tradisional “Spirit of Majapahit” ditekakake saka Tuban lan Sumenep.
Tembung kriya ing ukara kasebut yaiku....
A. Kibik kayu jati
B. Dienggo 
C.Tuban lan Sumenep
D. 
Tradisional 

6 Bapak “tuku” soto kanggo lawuh mengko awan. Tembung “tuku” kasebut kelebu jinise tembung….
A. lingga
B. andhahan 
C. dwilingga
D. karangkep

7 Kang kalebu salah sawijine tembung andhahan ana ing ukara ....
A. Wis padhang jingglang mbakku isih “turu”
B. Aku “lungguh” kursi ngarep dhewe
C. Kamar Anggraini katon “resik” banget
D. Buku iku “digawa” adik menyang sekolahe

8 Wacanen tembung-tembung iki!
Regina “nandur” bibite pelem ing pekarangane.
Ibuku “umbah-umbah” klambi isuk wau
Tulisane bapakku ora bisa “diwaca” amarga semrawut.
 Aku wis “teka” ing sekolah jam enem isuk mau.
Tembung kriya kang oleh wuwuhan (imbuhan) ana ing ukara nomer ....
A. 1 lan 2
B. 1 lan 3
C. 2 lan 4
D. 2 lan 3

9 Pak Guru ndongeng fabel kanthi lucu banget, mula para murid padha ….
Tembung dwilingga salin swara kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut, yaiku ....
A. Ngguyu-Ngguyu
B. Cekikikan 
C. Gegojekan
D. Ngguya-Ngguyu

10 Salah sawijine tuladha rimbag rangkep dwiwasana, yaiku ....
A. tolah-toleh
B. sesepuh 
C. mbededeg
D. bola-boli

11 Salah sawijine tuladha saka tembung ing ngisor iki kang oleh ater-ater tripurusa, yaiku ....
A. Bocah-bocah padha latihan “nari: ing aula sekolah.
B. Ibu “mundhut” jajan nagasari
C. Wara-waranipun “katulis” ing mading sekolah.
D. Gethuk “digawe” saka pohong.

Wacanen kang titi kanggo pitakonan nomer 12-15!
I
ndrojoyo Kusumonegoro miyos ing Purbalingga, 8 Mei 1958. Dheweke sawijine pendhagel legendharis ing Indonesia.Dheweke uga sawijine aktor kawakan saka grup lawak “Warkop DKI”sing kawentar ing Indonesia nalikane taun 1980-1990.

Indro nduweni gagasan-gagasan kreatif jroning nggarap film-film sing wis dibintangi. Film- film kang kawentar kasebut antara liyane: Mana Tahan (1979), Untukmu Indonesiaku (1980), lan Setan Kredit (1982). Nanging, nalika taun 1997, Indro kelangan pasangane yaiku Kasino Hadiwibowo. Tahun 2001 Indro uga kelangan maneh kanca pasangane yaiku Wahyu Sardono.Senajan iku, Indro pancet nglakoni panguripane saben dina kanthi kebak semangat lan seneng nglipur wong liya karo lelucone.

12. Tokoh kang dicritakake ing wacan kasebut yaiku... 
A. Kasino Handiwibowo kancane Indro
B. Sedane Wahyu Sardono ninggalne grup lawak 
C. Kanca-kancane Indro kang apik maine ing film 
D. Indrojoyo pendhagel legendharis

13 Kang bisa dadi tuladha ing watake Indro yaiku....
A. nduweni semangat sing gedhi lan seneng nglipur wong liya
B. ora sedhih senajan wis ditinggal karo loro kancane ing grup “Warkop DKI”
C. kudu bisa main film yen nglakoni urip
D. Kudu usaha lan tabah

14 Indrojoyo Kusumonegoro miyos ing Purbalingga, 8 Mei 1958. Tegese miyos, yaiku ….
A. seda
B. asale 
C. lair
D. lunga

15 Film-film kang kawentar kasebut antara liyane Mana Tahan (1979), Untukmu Indonesiaku (1980), lan Setan Kredit (1982). Tembung kawentar, ngemu teges ....
A. terkenal 
B. paling sugih 
C. duwe karep 
D. sederhana

Wacanen kanggo pitakon 16-18!

Muhammad Ridhuan Arema

Muhammad Ridhuanmiyosing Singapura, 6 Mei 1984. DhewekesaikidadipemainsakaArema Malang. Dhewekemiwitikarirdadi pemain bal-balan wektu dheweke gabung karo klub saka Singapura YOUNG LIONS ing LIGA SINGAPURA taun 2003. Ridhuan dadi pemain kang mumpuni amarga dheweke bisa manggon dadi pemain bertahan gelandang lan nyerang. Nalika taun 2009, dheweke gabung karo Arema Indonesia. ing Arema dheweke bisa nyatet prestasi mimpin klaseman Liga Super Indonesia. Ridhuan uga dadi pilar penting ing jero pertahanane gelar juara ASEAN 2007. Senajan prestasine bal-balan akeh, nanging Ridhuan tetep dadi wong kang andhap ashor.

16. Wacan kasebut, kalebu jenis ing teks....
A. cerkak
B. otobiografi 
C. profil tokoh
D. tanggapan deskriptif

17 Pesen apa kang bisa dijupuk saka wacan kasebut ....
A. Kawentar ing panguripan
B. Andhap asor marang liyan 
C. watakora gampang nyerah
D. Gagah prakosa nglawan pacoban

18 Keistimewaane tokoh kang dipaparake ing teks kasebut yaiku....
A. Ridhuan gabung karo Arema Indonesia nalika taun 2009.
B. Ridhuan ora gampang nyerah lan terus nglatih bakate kang diduweni. 
C. Ridhuan pemain Arema kang miyos ing Singapura
D. Ridhuan dadi pilar penting ing jero pertahanane gelar juara ASEAN 2007.

19 Teks profil tokoh yaiku jenise teks kang nyitakake ....
A. asal usul, riwayat, lan wekasane tokoh awit lahir nganthi seda 
B. anugrah saka perjuangane tokoh mulai saka lahir nganthi seda 
C. kasenengane tokoh mulai saka lahir nganthi seda
D. bageyan-bageyan sing penting kang dilakonon tokoh

20 Sing kalebu tokoh ing jagading kabudayan lan kesenian yaiku ....
A. Lionel Messi
B. Sujewo Tejo 
C. B.J Habiebie
D. R.A Kartini

21 Soepratman sejatine miyos ing Dukuh Prembelang, Desa Somongsari, Kecamatan Kaligesing, Kabupaten Purworejo, Provinsi Jawa Tengah, dina Senin Wage tanggal 19 Maret 1903. Nanging ing akte kelairane tinulis miyo ing Jatinegara,
Saka ukara kasebut kalebu perangane asal usul tokoh. Asal usul tokoh kalebu ing perangan ....
A. titikan
B. pambuka 
C. suroso
D. panutup

22 Dokter Soetomo miyos ing Nganjuk tanggal 30 Juli 1888.Nalika cilik ramalan ibune, paring asma Soebroto.

Miturut struktur teks profil tokoh, petikan teks kasebut kelebu perangan ....
A. deskripsi umum 
B. panutup 
C. pambuka 
D. prastawa

23 Obama unggul ing poling nasional jroning sawetara dina kanthi pamilih poling mrediksi kemenangane, ing pamilihan pisanan ing partai Dhemokrat Nwe Hampshire.
Miturut struktur teks profil tokoh, petikan teks kasebut kelebu perangan .... 
A. deskripsi bagian
B. pambuka 
C. penutup
D. isi/surasa

24 Gatekke tembung-tembung ing ngisor iki!
1. Nyapu-nyapu
2. Tolah-toleh
3. Sesepuh
4. Cengegesan
5) Tura-turu
6) Bebungah
7) Mesam-mesem
8) Ndhepipis
Tembung-tembung kasebut kang kalebu rimbag rangkep rangkep dwilingga salin swara ana ing nomer ....
A. 1, 2, 3 
B. 2, 5, 7
C. 2, 4, 6 
D. 6, 7, 8

25 Tembung “nandur” yen diudhal manut linggane yaiku ....
A. {n-} + tandur
B. {n-} + andu 
C. {n-} + nandu + {-r}
D. {n-} + tandur + {-i}

Wacanen kang titi, kanggo pitakon nomer 26 lan 27!
Raden Gathutkaca satriyatama ing Pringgandani, putrane Werkudara karo Dewi Arimbi. Gathutkaca kondang satriya otot kawat balung wesi, sungsum gegala, bisa mabur tanpa elar, lan turu kepenak ing angkasa. Gathutkaca satriya kang cukat trengginas yen perang tandinge kaya sikatan nyamber walang, sekti mandraguna, duweni aji naranataka paringane Resi Seta.

26. …. Lan turu kepenak ing angkasa. Dasanama saka tembung angkasa, yaiku....
A. bantala
B. graha 
C. antariksa
D. tirta

27 Karaktere Gathutkaca kang bisa diteladani ing panguripan saben dina, yaiku....
A. Cukat trengginas nalika nindakake pakaryan sabendina
B. Sabar nalika nemahi prakara
C. Seneng nalika oleh rejeki
D. Wani marang samubarang kang ala

28 Pandhawa lan Kurawa iku sedulur tunggal simbah ananging sifate kang beda bisa nuwuhake perang Baratayudha, kang pungkasane dimenangake Pandhawa.

Lakon Pandhawa lan Kurawa sajroning pewayangan kasebut kalebu crita ....
A. Bathara Wisnu
B. Satriya Utama 
C. Mahabarata
D. Ramayana

Wacanen kang titi, kanggo pitakon nomer 29 lan 30!
Nalika Dewi Sinta, Sri Rama lan Lesmana lagi ngenggar-enggar penggalih dumadakan Sinta pirsa kidang kencana, banjur nyuwun ingkang garwa Prabu Rama kang uga banjur tindak arep nyekel kidang kencana mau. Nalika kidang kepanah, kena njerit, swarane keprungu saka papane

Dewi Sinta. Saka pamirenge Sang Dewi, iku dikira panjerite garwane Dewi Sinta banjur ngendika marang marang ingkang rayi supaya mitulungi kang raka.

29. Crita wayang ing dhuwur kalebu crita ....
A. Mahabarata
B. Ramayana
C. Arjuna sasra
D. Baratayudha

30 Nalika Dewi Sinta, Sri Rama lan Lesmana lagi ngenggar-enggar penggalih dumadakan Sinta pirsa kidang kencana.
Tegese tembung kencana yaiku ....
A. emas
B. kreta 
C.putih
D. 
kewan

31 Sing ora kalebu paraga Pandawa Lima yaiku ....
A. Puntadewa 
B. Werkudara 
C. Janaka 
D. Duryudana

32 Sing diarani pesen utawa amanat jroning crita wayang yaiku ....
A. Piwulang lan pitutur luhur ing sajrone crita wayang
B. Perangan kang nerangake papan, wektu lan swasana
C. Urut-urutane lakon kang dicritakake ing sajroning crita
D. Para paraga kang dicritakake jroning crita wayang

33 Perange jroning crita wayang kang nerangake babagan papan, wektu, lan swasana ing sajrone crita diarani ....
A. tema
B. alur 
C. paraga
D. setting

34 Jejer/pambuka (orientasi) ing sruktur teks crita wayang iku isine ....
A. Paraga ing crita ngalami prakara kang ruwet lan dumadi pasulayan
B. Tetepungan karo para paraga ing crita, watak-wantu, lan latar crita
C. Prang tandhing ing antarane paraga lan uga diarani intine crita wayang
D. Karuwetan kang dialami paraga utama wiwit ana pangudhare prakara

35 Sing ora kalebu struktur teks crita wayang yaiku ....
A. Jejer/ pambuka
B. pasulayan 
C. Pangudhare prakara
D. titikane

36 1. Jejer kowe dadi panjenengan
2. Ater-ater lan panambang dikramakake
3. Jejer iku dadi dalem, kawula
4. Jejer kowe dadi sampeyan/sliramu
5. Ater-ater lan panambang tetep ngoko
6. Ukarane saka tembung ngoko lan krama alus
Sing kalebu ciri-cirine basa Jawa Ngoko alus yaiku .....
A. 1,2,3
B. 1,5,6 
C. 2,4,6
D. 4,5,6

37 Ibu : “Le, kowe wis mangan apa durung?”(1)
Bayu : “Sampun, Bu. Kula nembe nedha.” (2)
Ibu : “Panjenengan apa yawis dhahar, Pak? Yen durung dhahar, gek tak siapne.” (3)
Bapak : “Wis, Bu, bareng karo Bayumau. (4)
Saka pacelathon kasebut, kang nganggo basa ngoko alus, katulis ing nomer .... 
A. 1
B. 2 
C. 3
D. 4

38 Aku ora ngerti kowe wis mangan apa durung
Yen diganti basa “krama lugu” dadi ....
A. aku ora ngerti panjenengan wis nedha apa durung
B. kula mboten semerep sampeyan sampun nedha napa dereng
C. aku ora ngerti sampean wis dhahar apa dereng
D. kula mboten semerap sampeyan wis mangan apa durung

39 Pamilihe tembung sing trep mentes lan mantesi ing teks lagu kreasi diarani .....
A. Wirama/lagu 
B. Pesen/amanat 
C. diksi 
D. amanat

40 PADHANG BULAN 
Yo prakanca dolanan ing njaba Padhang mbulan padhange kaya rina Rembulane kang ngawe-awe Ngelingake aja turu sore-sore Lagu “Padhang Mbulan” iku kalebu lelagon kreasi anyar awujud .... 
A. tembang dolanan  
B. lenggam campursari 
C. tembang macapat
D. esuk jago kluruk

41 Lagu “Padhang Mbulan” nyeritakake kahanan ....
A. wengi padhang bulan
B. sore sepi mampring 
C.awan mendhung
D. 
esuk jago kluruk

42 Kidang talun
Mangan Kacang Talun
Mil Kecemil, mil kecemil
................................
Lirik kang bener kanggo ngowahi lelagon kasebut yaiku ....
A. Maju perang wani mati
B. Gedenge meh podho gunung 
C. Aja ngetok, ana kandhang wae
D. Si Kidang mangan lembayung

43 Yo kanca ing gisik gembira Alerap-alerap banyune segara Angliyak numpak prau layar
Dasanamane tembung “banyu” ing perangan lagu kasebut yaiku ....
A. bayu
B. tirta 
C. agni
D. bantala

Wacanen kanggo pitakon 44-46!
Aja Dipleroki
Mas, mas, mas aja dipleroki
Mas, mas, mas aja dipoyoki
Karepku njaluk diesemi
Tingkah lakumu kudu ngerti cara Aja ditinggal kapribaden ketimuran Mengko gek keri ing jaman
Mbok yo sing eling dik
Eling bab apa mas Iku budaya
Pancen bener kandhamu

44. Lelagon ing dhuwur kalebu lelagon ....
A. dolanan
B. macapat 

C. kreasi anyar
D. parikan

45 Tingkah laku kang bener iku kudune ....
A. Ngerti cara lan ora ninggal adat ketimuran
B. Eling ing jaman supaya ora ketinggalan
C. Ninggal kapribaden ketimuran
D. Eling marang budaya

46 Kang dadi pesen amanat ing lelagon ndhuwur yaiku ....
A. Para mudha aja ninggal kapribaden lan budaya ketimuran
B. Para mudha aja nganti keri ing jaman modern iki
C. Para mudha kudu tansah seneng ngadhepi jaman
D. Para mudha aja ninggalake tata cara lan budaya jaman saiki

47 Manut sejarahe tari remo nyritakake sawijing satriya kang gagah prakosa maju glanggang payudan. Tembang gagah prakosa kalebu tembung .....

A. camboran 
B. entar 
C. sanepa 
D. saroja

48 1. Kaiket dening guru gatra
2. Ora kaiket dening guru gatra
3. Kairing piranti musik modheren
4. Kaiket dening guru wilangan
5. Bebas lan duweni pesan moral
Perangan kang dadi cirine lelagon kreasi anyar yaiku ....
A. 1,2, lan 3
B. 2,3, lan 4

C. 2,3, lan 5
D. 1,2, lan 4

49 Ing ngisor iki kang ora kalebu unsur-unsur intrinsik ing lagu kreasi yaiku ....
A. tema
B. pesen/amanat 

C. diksi
D. paraga/penokohan

50 Sing diarani gatra ing lelagon kreasi anyar yaiku ....
A. wirama
B. larik 

C. swara
D. suku

Demikian artikel tentang Latihan Soal PAS Bahasa Jawa SMP Kelas 7 Semester 1 2021 K13. Semoga bermanfaat...
Advertisement

Baca juga:

Comment Policy: Silahkan tuliskan komentar Anda yang sesuai dengan topik postingan halaman ini. Komentar yang berisi tautan tidak akan ditampilkan sebelum disetujui.
Buka Komentar
Tutup Komentar