--> Skip to main content

Soal UAS Bahasa Jawa SMP kelas 7 Semester 1 2019 K13 Revisi

Soal UAS Bahasa Jawa SMP kelas 7 Semester 1 kurikulum 2013 revisi ini untuk digunakan adik - adik maupun para guru sebagai bahan pembelajaran. Sebagai referensi dalam membuat naskah asli pun juga bisa. Asalkan sudah dicocokkan materinya dengan soal yang admin bagikan ini.

Bahasa jawa adalah mata pelajaran mulok yang disesuaikan dengan bahasa daerah masing - masing. Jadi tidak semua satuan pendidikan melaksanakan UAS mapel ini.

Materi UAS Bahasa Jawa kelas 7 semester 1 di artikel ini mengacu pada standar kurikulum 2013 revisi yang mana sudah sobat pelajari selama 6 bulan terakhir semester ganjil ini..

Sebagaimana yang telah diketahui bahwa UAS (Ujian Akhir Semester) di K13 ini berubah nama menjadi PAS. Tapi karena sebagian besar kalangan lebih mengenal UAS, maka judul artikel admin buat sedemikian rupa.

Moho maaf, karena tidak ada kunci jawaban dan pembahasan

Soal UAS Bahasa Jawa SMP kelas 7 Semester 1 2019 K13 Revisi

Soal UAS Bahasa Jawa SMP kelas 7 Semester 1

Jumlah keseluruhan soal UAS bahasa Jawa kelas 7 semester 1 (ganjil) adalah 50 butir, dalam bentuk soal pilihan ganda. Dan untuk memudahkan dalam proses pembelajaran, maka admin juga menyertakan file PDF, linknya berada di bawah ini..


Soal UAS Bahasa Jawa SMP Kelas 7 Semester 1 2019 K13 Revisi PDF, DOWNLOAD

Baiklah, langsung saja berikut ini adalah Soal UAS Bahasa Jawa SMP kelas 7 Semester 1 2019 K13 Revisi. Selamat mengerjakan... 

1 Wacanen kang titi, kanggo pitakon nomer 26 lan 27!
Raden Gathutkaca satriyatama ing Pringgandani, putrane Werkudara karo Dewi Arimbi. Gathutkaca kondang satriya otot kawat balung wesi, sungsum gegala, bisa mabur tanpa elar, lan turu kepenak ing angkasa. Gathutkaca satriya kang cukat trengginas yen perang tandinge kaya sikatan nyamber walang, sekti mandraguna, duweni aji naranataka paringane Resi Seta.

…. Lan turu kepenak ing angkasa. Dasanama saka tembung angkasa, yaiku.... 
A. bantala
B. graha
C. antariksa
D. tirta

2 Karaktere Gathutkaca kang bisa diteladani ing panguripan saben dina, yaiku....
A. Cukat trengginas nalika nindakakepakaryan sabendina
B. Sabar nalika nemahi prakara 
C. Seneng nalika oleh rejeki
D. Wani marang samubarang kang ala

3 Pandhawa lan Kurawa iku sedulur tunggal simbah ananging sifate kang beda bisa nuwuhake perang Baratayudha, kang pungkasane dimenangake Pandhawa.

Lakon Pandhawa lan Kurawa sajroning pewayangan kasebut kalebu crita ....
A. Bathara Wisnu
B. Satriya Utama 
C. Mahabarata
D. Ramayana

4 Wacanen kang titi, kanggo pitakon nomer 4 lan 5!
Nalika Dewi Sinta, Sri Rama lan Lesmana lagi ngenggar-enggar penggalih dumadakan Sinta pirsa kidang kencana, banjur nyuwun ingkang garwa Prabu Rama kang uga banjur tindak arep nyekel kidang kencana mau. Nalika kidang kepanah, kena njerit, swarane keprungu saka papane Dewi Sinta. Saka pamirenge Sang Dewi, iku dikira panjerite garwane Dewi Sinta banjur ngendika marang marang ingkang rayi supaya mitulungi kang raka.

Crita wayang ing dhuwur kalebu crita ....
A. Mahabarata
B. Ramayana 
C. Arjuna sasra
D. Baratayudha

5 Nalika Dewi Sinta, Sri Rama lan Lesmana lagi ngenggar-enggar penggalih dumadakan Sinta pirsa kidang kencana.

Tegese tembung kencana yaiku ....
A. emas  
B. kreta 
C. putih
D. kewan

6 Sing ora kalebu paraga Pandawa Lima yaiku ....
A. Puntadewa
B. Werkudara 
C. Janaka
D. Duryudana

7 Sing diarani pesen utawa amanat jroning crita wayang yaiku ....
A. Piwulang lan pitutur luhur ing sajrone crita wayang
B. Perangan kang nerangake papan, wektu lan swasana
C. Urut-urutane lakon kang dicritakake ing sajroning crita
D. Para paraga kang dicritakake jroning crita wayang

8 Perange jroning crita wayang kang nerangake babagan papan, wektu, lan swasana ing sajrone crita diarani ....
A. tema
B. alur 
C. paraga
D. setting

9 Jejer/pambuka (orientasi) ing sruktur teks crita wayang iku isine ....
A. Paraga ing crita ngalami prakara kang ruwet lan dumadi pasulayan
B. Tetepungan karo para paraga ing crita, watak-wantu, lan latar crita
C. Prang tandhing ing antarane paraga lan uga diarani intine crita wayang
D. Karuwetan kang dialami paraga utama wiwit ana pangudhare prakara

10 Sing ora kalebu struktur teks crita wayang yaiku ...
A. Jejer/ pambuka
B. pasulayan 
C. Pangudhare prakara
D. titikane

11 1. Jejer kowe dadi panjenengan
2. Ater-ater lan panambang dikramakake
3. Jejer iku dadi dalem, kawula
4. Jejer kowe dadi sampeyan/sliramu
5. Ater-ater lan panambang tetep ngoko
6. Ukarane saka tembung ngoko lan krama alus
Sing kalebu ciri-cirine basa Jawa Ngoko alus yaiku .....
A. 1,2,3
B. 1,5,6 
C. 2,4,6
D. 4,5,6

12 Ibu : “Le, kowe wis mangan apa durung?”(1)
Bayu : “Sampun, Bu. Kula nembe nedha.” (2)
Ibu : “Panjenengan apa yawis dhahar, Pak? Yen durung dhahar, gek tak siapne.” (3)
Bapak : “Wis, Bu, bareng karo Bayumau. (4)

Saka pacelathon kasebut, kang nganggo basa ngoko alus, katulis ing nomer .... 
A. 1
B. 2 
C. 3
D. 4

13 Aku ora ngerti kowe wis mangan apa durung
Yen diganti basa “krama lugu” dadi ....
A. aku ora ngerti panjenengan wis nedha apa durung
B. kula mboten semerep sampeyan sampun nedha napa dereng
C. aku ora ngerti sampean wis dhahar apa dereng
D. kula mboten semerap sampeyan wis mangan apa durung

14 Pamilihe tembung sing trep mentes lan mantesi ing teks lagu kreasi diarani .....
A. Wirama/lagu
B. Pesen/amanat 
C. diksi
D. amanat

15 PADHANG BULAN
Yo prakanca dolanan ing njaba
Padhang mbulan padhange kaya rina
Rembulane kang ngawe-awe
Ngelingake aja turu sore-sore
Lagu “Padhang Mbulan” iku kalebu lelagon kreasi anyar awujud ....
A. tembang dolanan 
B. lenggam campursari 
C. tembang macapat 
D. esuk jago kluruk

16 Lagu “Padhang Mbulan” nyeritakake kahanan ....
A. wengi padhang bulan
B. sore sepi mampring 
C. awan mendhung
D. esuk jago kluruk

17 Kidang talun
Mangan Kacang Talun
Mil Kecemil, mil kecemil
................................
Lirik kang bener kanggo ngowahi lelagon kasebut yaiku ....
A. Maju perang wani mati
B. Gedenge meh podho gunung 
C. Aja ngetok, ana kandhang wae
D. Si Kidang mangan lembayung

18 Yo kanca ing gisik gembira Alerap-alerap banyune segara Angliyak numpak prau layar
Dasanamane tembung “banyu” ing perangan lagu kasebut yaiku ....
A. bayu
B. tirta 
C. agni
D. bantala

19 Wacanen kanggo pitakon 19-21!
Aja Dipleroki
Mas, mas, mas aja dipleroki
Mas, mas, mas aja dipoyoki
Karepku njaluk diesemi
Tingkah lakumu kudu ngerti cara Aja ditinggal kapribaden ketimuran Mengko gek keri ing jaman 
Mbok yo sing eling dik
Eling bab apa mas
Iku budaya
Pancen bener kandhamu

Lelagon ing dhuwur kalebu lelagon ....
A. dolanan
B. macapat 
C. kreasi anyar
D. parikan

20 Tingkah laku kang bener iku kudune ....
A. Ngerti cara lan ora ninggal adat ketimuran
B. Eling ing jaman supaya ora ketinggalan 
C. Ninggal kapribaden ketimuran
D. Eling marang budaya

21 Kang dadi pesen amanat ing lelagon ndhuwur yaiku ....
A. Para mudha aja ninggal kapribaden lan budaya ketimuran
B. Para mudha aja nganti keri ing jaman modern iki
C. Para mudha kudu tansah seneng ngadhepi jaman
D. Para mudha aja ninggalake tata cara lan budaya jaman saiki

22 Manut sejarahe tari remo nyritakake sawijing satriya kang gagah prakosa maju glanggang payudan. Tembang gagah prakosa kalebu tembung .....
A. camboran 
B. entar 
C. sanepa 
D. saroja

23 1. Kaiket dening guru gatra
2. Ora kaiket dening guru gatra
3. Kairing piranti musik modheren
4. Kaiket dening guru wilangan
5. Bebas lan duweni pesan moral
Perangan kang dadi cirine lelagon kreasi anyar yaiku ....
A. 1,2, lan 3
B. 2,3, lan 4 .
C. 2,3, lan 5
D. 1,2, lan 4

24 Ing ngisor iki kang ora kalebu unsur-unsur intrinsik ing lagu kreasi yaiku ....
A. tema 
B. pesen/amanat 
C. diksi 
D. paraga/penokohan

25 Sing diarani gatra ing lelagon kreasi anyar yaiku ....
A. wirama
B. larik 
C. swara
D. suku

26 Pilihen Wangsulan sing paling bener!
Wacanen kang titi kanggo pitakon nomer 1lan2!

Gunung Bromo salah sawijining obyek wisata ing Jawa Timur sing nengsemake para wisatawan dhomestik lan wisatawan saka manca negara. (2) Gunung Bromo dumunung ing wilayah pamarentahan provinsi Jawa Timur. (3) Akeh panggonan kang nduweni pemandhangan sing endah ing wisata kasebut. (4) Ing pucuke Gunung Bromo katon kawah sing ajeg nyemburake geni lan kukus. (5) Sakliyane iku, uga ana segara wedhi kang jembare kurang luwih 10 km persegi. (6) Tumuju ing Pananjakan wisatawan bisa ndeleng sunrise sing sesawangane endah. (7) Nalika ngliwati segara wedhi bisa ndeleng bangunan papan ibadahe suku Tengger sing nggilut agama Hindu.

Sumber: Gunung Bromo (Kirtya Basa Jawa Kelas 7)

Miturut strukturtek sdeskripsi, perangan pambuka saka wacan kasebut, ana ing ukara nomer....
A. 1 lan 2
B. 2 lan 3 
C. 4 lan 5
D. 6 lan 7

27 Tema kang trep miturut wacan kasebut yaiku....
A. asal usul Gunung Bromo
B. obyek wisata Gunung Bromo 
C. agama sing ana ing Gunung Bromo
D. sunrise ing Gunung Bromo

28 Wacanen kang titi kanggo pitakon nomer 28-30!
Kapal Tradisional “Spirit of Majapahit”
Kapal tradisional “Spirit of Majapahit” yaiku kapal tradisional kang nate dienggo dening Indonesia. Kapal kasebut uga dadi kapal kapindho kang nglayari samodra Indonesia. Modele kapal kasebut niru modhele kapal jaman krajan Majapahit ing abad 13 Masehi.
Kapal tradisional “Spirit of Majapahit” kelebu jinise kapal kang paling gedhe.Ukuran dawane kapal 20 meter, amba 4,5 meter, lan dhuwure 2 meter. Bahane kapal arupa 28,63 kibik kayu jati kang mligi ditekakake saka Tuban lan Sumenep. Kapal kasebut yasane ahli gawe kapal cacah 15 wong ing pesisir Slopeng.

Sumber: Bahan Ajar Basa Jawa kelas VII

Apa irah-irahan sing trep karo wacan ing dhuwur?
A. Kapal Majapahit
B. Kapal Tradisional Sprit 
C. Kapal Tradisional “Spirit of Majapahit”
D. Kapal Spirit Indonesia

29 Miturut struktur teks deskripsi, perangan kang kalebu deskripsi bagian, yaiku...
A. Kapal tradisional “Spirit of Majapahit” nate dienggo dening Indonesia. 
B. ukuran dawane kapal 20 meter, amba 4,5 meter lan dhuwure 2 meter 
C. Kapal tradisional “Spirit of Majapahit” nate dienggo Indonesia
D. Kapal kasebut uga dadi kapal kapindho kang nglayari samodra Indonesia.

30 Kibik kayu jati kang dienggo kanggo kapal tradisional “Spirit of Majapahit” ditekakake saka Tuban lan Sumenep.

Tembung kriya ing ukara kasebut yaiku....
A. Kibik kayu jati
B. Dienggo 
C. Tuban lan Sumenep
D. Tradisional

31 Bapak “tuku” soto kanggo lawuh mengko awan. Tembung “tuku” kasebut kelebu jinise tembung….
A. lingga
B. andhahan 
C. dwilingga
D. karangkep

32 Kang kalebu salah sawijine tembung andhahan ana ing ukara ....
A. Wis padhang jingglang mbakku isih “turu”
B. Aku “lungguh” kursi ngarep dhewe
C. Kamar Anggraini katon “resik” banget
D. Buku iku “digawa” adik menyang sekolahe
33 Wacanen tembung-tembung iki!
1. Regina “nandur” bibite pelem ing pekarangane.
2. Ibuku “umbah-umbah” klambi isuk wau
3. Tulisane bapakku ora bisa “diwaca” amarga semrawut.
4. Aku wis “teka” ing sekolah jam enem isuk mau.
Tembung kriya kang oleh wuwuhan (imbuhan) ana ing ukara nomer ....
A. 1 lan 2
B. 1 lan 3 
C. 2 lan 4
D. 2 lan 3

34 Pak Guru ndongeng fabel kanthi lucu banget, mula para murid padha ….
Tembung dwilingga salin swara kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut, yaiku ....
A. Ngguyu-Ngguyu
B. Cekikikan 
C. Gegojekan
D. Ngguya-Ngguyu

35 Salah sawijine tuladha rimbag rangkep dwiwasana, yaiku ....
A. tolah-toleh
B. sesepuh 
C. mbededeg
D. bola-boli

36 Salah sawijine tuladha saka tembung ing ngisor iki kang oleh ater-ater tripurusa, yaiku ....
A. Bocah-bocah padha latihan “nari: ing aula sekolah.
B. Ibu “mundhut” jajan nagasari
C. Wara-waranipun “katulis” ing mading sekolah.
D. Gethuk “digawe” saka pohong.

37 Wacanen kang titi kanggo pitakonan nomer 12-15!
Indrojoyo Kusumonegoro miyos ing Purbalingga, 8 Mei 1958. Dheweke sawijine pendhagel legendharis ing Indonesia.Dheweke uga sawijine aktor kawakan saka grup lawak “Warkop DKI”sing kawentar ing Indonesia nalikane taun 1980-1990.

Indro nduweni gagasan-gagasan kreatif jroning nggarap film-film sing wis dibintangi. Film- film kang kawentar kasebut antara liyane: Mana Tahan (1979), Untukmu Indonesiaku (1980), lan

Setan Kredit (1982). Nanging, nalika taun 1997, Indro kelangan pasangane yaiku Kasino

Hadiwibowo. Tahun 2001 Indro uga kelangan maneh kanca pasangane yaiku Wahyu Sardono.Senajan iku, Indro pancet nglakoni panguripane saben dina kanthi kebak semangat lan seneng nglipur wong liya karo lelucone.

Sumber: Gagrag Anyar Basa Jawa kelas VII

Tokoh kang dicritakake ing wacan kasebut yaiku... 
A. Kasino Handiwibowo kancane Indro
B. Sedane Wahyu Sardono ninggalne grup lawak 
C. Kanca-kancane Indro kang apik maine ing film 
D. Indrojoyo pendhagel legendharis

38 Kang bisa dadi tuladha ing watake Indro yaiku....
A. nduweni semangat sing gedhi lan seneng nglipur wong liya
B. ora sedhih senajan wis ditinggal karo loro kancane ing grup “Warkop DKI”
C. kudu bisa main film yen nglakoni urip
D. Kudu usaha lan tabah

39 Indrojoyo Kusumonegoro miyos ing Purbalingga, 8 Mei 1958. Tegese miyos, yaiku ….
A. seda
B. asale 
C. lair
D. lunga

40 Film-film kang kawentar kasebut antara liyane Mana Tahan (1979), Untukmu Indonesiaku (1980), lan Setan Kredit (1982). Tembung kawentar, ngemu teges ....
A. terkenal 
B. paling sugih 
C. duwe karep 
D. sederhana

41 Wacanen kanggo pitakon 41-43!
Muhammad Ridhuan Arema
Muhammad Ridhuanmiyosing Singapura, 6 Mei 1984. DhewekesaikidadipemainsakaArema Malang. Dhewekemiwitikarirdadi pemain bal-balan wektu dheweke gabung karo klub saka Singapura YOUNG LIONS ing LIGA SINGAPURA taun 2003. Ridhuan dadi pemain kang mumpuni amarga dheweke bisa manggon dadi pemain bertahan gelandang lan nyerang. Nalika taun 2009, dheweke gabung karo Arema Indonesia. ing Arema dheweke bisa nyatet prestasi mimpin klaseman Liga Super Indonesia. Ridhuan uga dadi pilar penting ing jero pertahanane gelar juara ASEAN 2007. Senajan prestasine bal-balan akeh, nanging Ridhuan tetep dadi wong kang andhap ashor.

Sumber: Bahan Ajar Basa Jawa kelas VII

Wacan kasebut, kalebu jenis ing teks....
A. cerkak
B. otobiografi 
C.profil tokoh
D. tanggapan deskriptif

42 Pesen apa kang bisa dijupuk saka wacan kasebut ....
A. Kawentar ing panguripan
B. Andhap asor marang liyan 
C. watakora gampang nyerah
D. Gagah prakosa nglawan pacoban

43 Keistimewaane tokoh kang dipaparake ing teks kasebut yaiku....
A. Ridhuan gabung karo Arema Indonesia nalika taun 2009.
B. Ridhuan ora gampang nyerah lan terus nglatih bakate kang diduweni.
C. Ridhuan pemain Arema kang miyos ing Singapura
D. Ridhuan dadi pilar penting ing jero pertahanane gelar juara ASEAN 2007.

44 Teks profil tokoh yaiku jenise teks kang nyitakake ....
A. asal usul, riwayat, lan wekasane tokoh awit lahir nganthi seda 
B. anugrah saka perjuangane tokoh mulai saka lahir nganthi seda 
C. kasenengane tokoh mulai saka lahir nganthi seda
D. bageyan-bageyan sing penting kang dilakonon tokoh

45 Sing kalebu tokoh ing jagading kabudayan lan kesenian yaiku ....
A. Lionel Messi
B. Sujewo Tejo 
C. B.J Habiebie
D. R.A Kartini

46 Soepratman sejatine miyos ing Dukuh Prembelang, Desa Somongsari, Kecamatan Kaligesing, Kabupaten Purworejo, Provinsi Jawa Tengah, dina Senin Wage tanggal 19 Maret 1903. Nanging ing akte kelairane tinulis miyo ing Jatinegara,

Saka ukara kasebut kalebu perangane asal usul tokoh. Asal usul tokoh kalebu ing perangan ....
A. titikan
B. pambuka 
C. suroso
D. panutup

47 Dokter Soetomo miyos ing Nganjuk tanggal 30 Juli 1888.Nalika cilik ramalan ibune, paring asma Soebroto.
Miturut struktur teks profil tokoh, petikan teks kasebut kelebu perangan ....
A. deskripsi umum
B. panutup 
C. pambuka
D. prastawa

48 Obama unggul ing poling nasional jroning sawetara dina kanthi pamilih poling mrediksi kemenangane, ing pamilihan pisanan ing partai Dhemokrat Nwe Hampshire.

Miturut struktur teks profil tokoh, petikan teks kasebut kelebu perangan .... 
A. deskripsi bagian
B. pambuka 
C. penutup
D. isi/surasa

49 Gatekke tembung-tembung ing ngisor iki!
1. Nyapu-nyapu
2. Tolah-toleh
3. Sesepuh
4. Cengegesan 
5) Tura-turu 
6) Bebungah
7) Mesam-mesem
8) Ndhepipis

Tembung-tembung kasebut kang kalebu rimbag rangkep rangkep dwilingga salin swara ana ing nomer ....
A. 1, 2, 3 
B. 2, 5, 7 
C. 2, 4, 6 
D. 6, 7, 8

50 Tembung “nandur” yen diudhal manut linggane yaiku ....
A. {n-} + tandur 
B. {n-} + andu 
C. {n-} + nandu + {-r} 
D. {n-} + tandur + {-i}

Demikian artikel tentang Soal UAS Bahasa Jawa SMP kelas 7 Semester 1 2019 K13 Revisi. Semoga bermanfaat...
Advertisement

Baca juga:

Comment Policy: Silahkan tuliskan komentar Anda yang sesuai dengan topik postingan halaman ini. Komentar yang berisi tautan tidak akan ditampilkan sebelum disetujui.
Buka Komentar
Tutup Komentar